Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 2:7-21 Kitab Sutji (JAV)

7. Nanging marang anak-anake Barzilai, wong ing Gilead kae, kowe nandukna kamurahaning atimu. Iku cikben klebu ing golongan kang oleh pangan saka ing mejamu, amarga iku padha ngetokake kasetyane, yaiku padha nampani aku nalika aku keplayu saka ing ngarepe kakangmu Absalom.

8. Sabanjure ing wewengkonmu isih ana Simei bin Gera, wong Benyamin saka ing Bahurim. Iku kang ngipat-ipati aku kalawan ipat-ipat kang nandhes nalika aku menyang ing Mahanaim, nanging ing tembe banjur methukake aku ana ing pinggire bengawan Yarden sarta aku wus sumpah marang dheweke demi Sang Yehuwah: kowe ora bakal dakpateni kalawan pedhang!

9. Saiki iku aja kokluwari saka ing paukuman; kowe iku wong kang wicaksana mesthi iya sumurup apa kang bakal koktandukake marang iku, supaya anggone tumurun ing jagade wong mati kalawan kuthah getih.”

10. Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur ngaso nunggil kalawan para leluhure, nuli kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud.

11. Anadene Sang Prabu Dawud anggone ngratoni Israel lawase patang puluh taun; ana ing Hebron anggone jumeneng pitung taun lan ana ing Yerusalem, jumenenge telung puluh telu taun.

12. Sang Pangeran Suleman banjur gumanti nglenggahi dhampare Sang Prabu Dawud, ramane, karajane santosa banget.

13. Ing sawijining dina Pangeran Adhonia, putrane Sang Putri Hagit sowan mlebu ngadhep ing ngarsane Sang Putri Batsyeba, ibune Sang Prabu Suleman. Sang Putri banjur ndangu: “Apa tekamu iku kanthi kekarepan becik?” Atur wangsulane: “Inggih sae!”

14. Sabanjure ature mangkene: “Wonten bab ingkang badhe kawula aturaken ing panjenengan dalem.” Pangandikane Sang Putri: “Matura!”

15. Nuli matur: “Panjenengan dalem piyambak mirsa, bilih ingkang wenang jumeneng ratu punika kawula, tuwin tiyang Israel sadaya ngajeng-ajeng supados kawula jumeneng ratu; nanging wusananipun kalenggahan raja dhumawah ing rayinipun dalem, awit punika katampi saking Pangeran Yehuwah.

16. Lah sapunika, namung panyuwunan satunggal kemawon ingkang kawula aturaken wonten ing ngarsa dalem, mila sampun ngantos boten dipun jurungi panyuwunan kawula punika.” Paring wangsulane Sang Putri: “Matura!”

17. Unjuke Pangeran Adhonia: “Bab punika mugi panjenengan dalem karsaa ngandika dhateng Sang Prabu Suleman, amargi Sang Prabu tamtu boten badhe nduwa pamundhut dalem. Inggih punika supados Abisag, lare estri saking Sunem punika kaparingna dhateng kawula, dados semah kawula.”

18. Sang Putri Batsyeba mangsuli, pangandikane: “Iya becik, bab iki bakal dakrembug karo Sang Prabu.”

19. Sang Putri Batsyeba banjur lumebet marang ing ngarsane Sang Prabu Suleman prelu ngrembag panyuwune Pangeran Adhonia. Sang Prabu nuli methukake kang ibu sarta banjur tumelung nyembah, tumuli lenggah ing dhampar. Sang Prabu nuli dhawuh mundhut kursi kagem lenggah Sang Prameswari Ibu, kang ibu banjur lenggah ing satengene Sang Prabu.

20. Sang Putri tumuli ngandika: “Aku arep ngaturake panyuwunan kang ora sapiraa marang sliramu, aja nganti sliramu nduwa panyuwunanku iku.” Atur wangsulane Sang Prabu: “Mangga, ibu, awit kula boten badhe nduwa pamundhutipun ibu.”

21. Sang Putri ngandika: “Abisag, bocah wadon Sunem iku bok kaparingake marang kamasmu Adhonia, dadia bojone.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 2