Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 2:26-40 Kitab Sutji (JAV)

26. Anadene Imam Abyatar didhawuhi dening Sang Nata mangkene: “Sira menyanga ing tanah Anatot, ing tanah duwekira, awitdene sanadyan sira iku wus sapantese tampa paukuman, nanging ing dina iki ingsun ora bakal mateni sira amarga sira wus ngusung pethine Sang Yehuwah Allah ana ing ngarsane ramaningsun, Sang Prabu Dawud, lan sira wus ndherek nandhang kasrakatan ing sajrone sakehning kasangsarane ramaningsun.”

27. Imam Abyatar banjur kapecat dening Sang Prabu Suleman saka ing kalenggahane anggone dadi imame Sang Yehuwah, satemah katetepan pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake tumrap turune imam Eli ana ing Silo.

28. Bareng pawarta mau kapireng dening Senapati Yoab -- senapati Yoab iku pancen ngeloni Pangeran Adhonia, sanadyan ora ngeloni Pangeran Absalom -- dadine Sang Yoab banjur mlajeng menyang ing tarube Sang Yehuwah lan nyepeng sunguning misbyah.

29. Sang Prabu Suleman nuli kaunjukan uninga, yen Senapati Yoab wus ngungsi menyang ing tarube Pangeran Yehuwah lan wus ana ing sandhinging misbyah. Sang Prabu Suleman nuli dhawuh marang Sang Benaya bin Yoyadha: “Mangkata, patenana wong iku.”

30. Sang Benaya banjur lumebet ing tarube Pangeran Yehuwah lan matur marang Sang Yoab: “Dhawuhipun Sang Prabu: Sira metua.” Ature Sang Yoab: “Boten, sabab kula milaur pejah wonten ing ngriki.” Sang Benaya tumuli ngaturake wangsulan iku marang Sang Prabu, unjuke: “Makaten wicantenipun Yoab lan makaten wangsulanipun dhateng kawula.”

31. Pangandikane Sang Prabu: “Tindakna kaya dene kang diucapake. Patenana wong iku lan banjur kuburen; kalawan mangkono sira ngedohake saka ingsun lan kulawarganingsun kaluputan ing bab getih kang diwutahake dening Yoab tanpa sebab.

32. Dadine Pangeran Yehuwah nempuhake utange getih marang awake dhewe, amarga wong iku wus mateni wong loro kang luwih bener lan luwih becik tinimbang dheweke, yaiku anggone mateni wong loro mau kalawan pedhang ora kanthi kauningan dening ramaningsun Dawud, yaiku Abner bin Ner, senapati Israel lan Amasa bin Yeter, senapatine Yehuda.

33. Mulane getihe wong loro iku bakal tumempuh marang Yoab lan turun-turune ing salawas-lawase, nanging Rama Dawud lan para tedhak-turune lan kulawargane apadene dhampare bakal ginanjar slamet dening Sang Yehuwah nganti ing salawas-lawase.”

34. Sang Benaya bin Yoyadha banjur tindak, Senapati Yoab tinempuh lan kasedanan. Sawuse mangkono banjur kasarekake ing daleme piyambak ana ing pasamunan.

35. Sang Prabu tumuli misudha Sang Benaya bin Yoyadha dadi gegentine Sang Yoab, dadi senapati; tuwin Imam Zadhok kaangkat dening Sang Prabu dadi gegentine Imam Abyatar.

36. Sawuse mangkono Sang Nata nuli dhawuh nimbali Simei sarta dipangandikani mangkene: “Sira ngedegna omah kanggo sira ana ing Yerusalem banjur enggonana sarta sira aja metu saka ing kono arepa menyang ngendi bae.

37. Amarga sumurupa, samangsa sira metu lan nyabrang ing kali Kidron, sira mesthi bakal dipateni lan getihira bakal tumempuh marang sira dhewe.”

38. Simei banjur munjuk marang Sang Prabu: “Inggih sendika, adalem badhe nglampahi dhawuh dalem Sang Prabu punika.” Simei nuli manggon ana ing Yerusalem nganti antara lawas.

39. Nanging sawuse telung taun banjur kelakon ana bature Simei loro kang minggat menyang ing ngarsane Sang Prabu Akhis bin Maakha, ratu ing Gat; Simei nuli kawartanan: “Kauningana, abdi panjenengan kalih wonten ing Gat.”

40. Simei banjur enggal-enggal ngabah-abahi kuldine nuli mangkat menyang ing Gat, ing wewengkone Sang Prabu Akhis, nggoleki bature mau. Sawuse mangkono tumuli mulih kanthi nggawa batur-bature mau saka ing Gat.

maca bab lengkap 1 Para Raja 2