Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 2:21-30 Kitab Sutji (JAV)

21. Sang Putri ngandika: “Abisag, bocah wadon Sunem iku bok kaparingake marang kamasmu Adhonia, dadia bojone.”

22. Nanging Sang Prabu Suleman nuli matur marang kang ibu: “Punapaa, dene ibu namung mundhut Abisag, lare estri Sunem punika, kangge Adhonia? Bok inggih mundhut kalenggahaning ratu pisan kangge piyambakipun! Punika rak sadherek kula ingkang langkung sepuh, tur ingkang mbiyantu piyambakipun Imam Abyatar saha Yoab, anakipun Zeruya?”

23. Sang Prabu Suleman banjur supaos demi Sang Yehuwah: “Gusti Allah mugi karsaa nandukaken dhateng kula makaten, malah nglangkungana punika, manawi Adhonia boten ngetohaken nyawanipun kangge panyuwunan punika!

24. Awit saking punika, demi Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang njejegaken kula saha ingkang nglenggahaken kula ing dhamparipun Sang Prabu Dawud, rama kula, saha ingkang maringi kula brayat kados ingkang kaprasetyakaken: ing dinten punika ugi Adhonia kedah dipun pejahi.”

25. Sang Prabu Suleman nuli masrahake bab iku marang Sang Benaya bin Yoyadha, kang iya banjur nempuh marang Pangeran Adhonia dadi lan sedane.

26. Anadene Imam Abyatar didhawuhi dening Sang Nata mangkene: “Sira menyanga ing tanah Anatot, ing tanah duwekira, awitdene sanadyan sira iku wus sapantese tampa paukuman, nanging ing dina iki ingsun ora bakal mateni sira amarga sira wus ngusung pethine Sang Yehuwah Allah ana ing ngarsane ramaningsun, Sang Prabu Dawud, lan sira wus ndherek nandhang kasrakatan ing sajrone sakehning kasangsarane ramaningsun.”

27. Imam Abyatar banjur kapecat dening Sang Prabu Suleman saka ing kalenggahane anggone dadi imame Sang Yehuwah, satemah katetepan pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake tumrap turune imam Eli ana ing Silo.

28. Bareng pawarta mau kapireng dening Senapati Yoab -- senapati Yoab iku pancen ngeloni Pangeran Adhonia, sanadyan ora ngeloni Pangeran Absalom -- dadine Sang Yoab banjur mlajeng menyang ing tarube Sang Yehuwah lan nyepeng sunguning misbyah.

29. Sang Prabu Suleman nuli kaunjukan uninga, yen Senapati Yoab wus ngungsi menyang ing tarube Pangeran Yehuwah lan wus ana ing sandhinging misbyah. Sang Prabu Suleman nuli dhawuh marang Sang Benaya bin Yoyadha: “Mangkata, patenana wong iku.”

30. Sang Benaya banjur lumebet ing tarube Pangeran Yehuwah lan matur marang Sang Yoab: “Dhawuhipun Sang Prabu: Sira metua.” Ature Sang Yoab: “Boten, sabab kula milaur pejah wonten ing ngriki.” Sang Benaya tumuli ngaturake wangsulan iku marang Sang Prabu, unjuke: “Makaten wicantenipun Yoab lan makaten wangsulanipun dhateng kawula.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 2