Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 2:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika wektu sedane Sang Prabu Dawud wus cedhak, panjenengane paring piweling marang Sang Prabu Suleman, putrane:

2. “Aku iki bakal lunga ngliwati dalane samubarang kabeh kang ora langgeng, mulane atimu disantosa lan tumindaka kaya wong lanang.

3. Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,

4. lan supaya Pangeran Yehuwah karsaa netepi janji kang kapangandikakake tumrap aku, yaiku: Manawa anak-anakira lanang lakune lestari ana ing ngarsaningSun kalawan setya, kalawan gumolonging ati sarta kalawan gumolonging nyawane, turun-turunira ora bakal ana pedhote anggone nglungguhi dhamparing karajan Israel.

5. Karodene kowe uga nyumurupi apa kang ditandukake marang aku dening Yoab anake Zeruya, apa kang ditandukake marang senapati Israel loro, yaiku Abner bin Ner lan Amasa bin Yeter, Yoab mateni loro-lorone iku sarta ngwutahake getih ing jaman tentrem, kaya-kaya lagi ana perang, satemah sabuking bangkekane lan trumpahe sikile kuthah getih.

6. Mulane tumindaka kalawan kawicaksanan lan aja nganti ngolehake kang uwanen iku tumurun ing jagading wong mati kalawan slamet.

7. Nanging marang anak-anake Barzilai, wong ing Gilead kae, kowe nandukna kamurahaning atimu. Iku cikben klebu ing golongan kang oleh pangan saka ing mejamu, amarga iku padha ngetokake kasetyane, yaiku padha nampani aku nalika aku keplayu saka ing ngarepe kakangmu Absalom.

8. Sabanjure ing wewengkonmu isih ana Simei bin Gera, wong Benyamin saka ing Bahurim. Iku kang ngipat-ipati aku kalawan ipat-ipat kang nandhes nalika aku menyang ing Mahanaim, nanging ing tembe banjur methukake aku ana ing pinggire bengawan Yarden sarta aku wus sumpah marang dheweke demi Sang Yehuwah: kowe ora bakal dakpateni kalawan pedhang!

9. Saiki iku aja kokluwari saka ing paukuman; kowe iku wong kang wicaksana mesthi iya sumurup apa kang bakal koktandukake marang iku, supaya anggone tumurun ing jagade wong mati kalawan kuthah getih.”

10. Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur ngaso nunggil kalawan para leluhure, nuli kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud.

11. Anadene Sang Prabu Dawud anggone ngratoni Israel lawase patang puluh taun; ana ing Hebron anggone jumeneng pitung taun lan ana ing Yerusalem, jumenenge telung puluh telu taun.

12. Sang Pangeran Suleman banjur gumanti nglenggahi dhampare Sang Prabu Dawud, ramane, karajane santosa banget.

13. Ing sawijining dina Pangeran Adhonia, putrane Sang Putri Hagit sowan mlebu ngadhep ing ngarsane Sang Putri Batsyeba, ibune Sang Prabu Suleman. Sang Putri banjur ndangu: “Apa tekamu iku kanthi kekarepan becik?” Atur wangsulane: “Inggih sae!”

14. Sabanjure ature mangkene: “Wonten bab ingkang badhe kawula aturaken ing panjenengan dalem.” Pangandikane Sang Putri: “Matura!”

15. Nuli matur: “Panjenengan dalem piyambak mirsa, bilih ingkang wenang jumeneng ratu punika kawula, tuwin tiyang Israel sadaya ngajeng-ajeng supados kawula jumeneng ratu; nanging wusananipun kalenggahan raja dhumawah ing rayinipun dalem, awit punika katampi saking Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap 1 Para Raja 2