Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 19:5-11 Kitab Sutji (JAV)

5. Sawuse mangkono panjenengane nuli leyeh-leyeh lan sare ana ing ngisor wit rotem mau. Nanging dumadakan ana malaekat kang njawil panjenengane kalawan ngandika: “Tangia, mangana!”

6. Bareng mirsani ing sakubenge, ing ulon-ulone ana roti panggang lan kendhi isi banyu. Banjur dhahar lan ngunjuk, tumuli sarean maneh.

7. Nanging malaekate Yehuwah rawuh maneh kang kaping pindhone tuwin njawil panjenengane kalawan ngandika: “Tangia, mangana! Sabab manawa ora, lakunira mengko bakal kadohen tumrap sira.”

8. Mulane panjenengane nuli wungu tuwin dhahar lan ngunjuk, sarta marga saka dayaning dhaharan mau panjenengane banjur bisa tindak nganti patang puluh dina patang puluh bengi suwene, nganti tekan ing gununging Allah, yaiku gunung Horeb.

9. Bareng ana ing kono panjenengane banjur lumebet ing guwa lan nyare ana ing kono. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang panjenengane mangkene: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?”

10. Atur wangsulane: “Sanget-sanget anggen kawula ngudi tumindak ing damel kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun sadaya ingkang tumitah, amargi tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka, sami mbibrahi misbyah-misbyah Paduka saha sami mejahi nabi-nabi Paduka kalawan pedhang; namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih sami kepengin njabut nyawa kawula.”

11. Pangeran banjur ngandika: “Sira metua lan ngadega ana ing dhuwur gunung iki ana ing ngarsaning Sang Yehuwah!”Ing kono Pangeran Yehuwah nuli tindak langkung! Angin gedhe lan banter, kang mbengkahake gunung-gunung lan nggempalake parang-parang ndhisiki tindake Sang Yehuwah. Nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning angin iku. Lan sawuse angin mau banjur ana lindhu. Nanging Sang Yehuwah ora ana ing sajroning lindhu iku.

maca bab lengkap 1 Para Raja 19