Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 19:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. Sawuse lindhu nuli ana geni kang teka, nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning geni kono. Sawuse geni iku tumuli ana swaraning angin kang midid.

13. Bareng Nabi Elia mireng iku, pasuryane banjur ditutupi kalawan ageme jubah sarta nuli miyos lan jumeneng ana ing lawanganing guwa. Banjur mireng swara kang ngandika marang panjenengane: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?”

14. Atur wangsulane: “Kawula tumindak ing damel kalayan sagiyat-giyatipun kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, awit tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka saha mejahi para nabi Paduka kalayan pedhang, nanging kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih kepengin njabut nyawa kawula.”

15. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang panjenengane: “Sira mangkata, metua ing dalanira, kang wus sira liwati ngliwati pasamunan menyanga ing Damsyik, lan sawuse sira tekan ing kana, Hazael sira jebatana dadi ratu ing Aram.

16. Uga Yehu putune Nimsi, sira jebatana dadi ratu ing Israel, sarta Elisa anake Safat, saka ing Abel-Mehola, sira jebatana dadi Nabi, cikben nggenteni sira.

17. Nuli sing sapa oncat saka pedhange Hazael bakal dipateni dening Yehu; lan singa sapa oncat saka pedhange Yehu, bakal dipateni dening Elisa.

18. Nanging Ingsun bakal ngarekake wong pitung ewu ana ing Israel, yaiku sakehe wong kang ora sujud nyembah marang Baal lan kang cangkeme ora nucup marang Baal iku.”

19. Sawuse Nabi Elia tindak saka ing kono, banjur ketemu karo Elisa anake Safat, kang lagi mluku kalawan sapi rolas rakit, Elisa dhewe nglakokake kang karolas. Nalika Nabi Elia tindak ana ing sacedhake nuli nguncalake ageme jubah marang dheweke.

20. Elisa banjur ninggal sapine lan mlayu nututi Nabi Elia, kalawan matur: “Keparenga kula badhe ujung dhateng bapak saha ibu kula rumiyin, mangke lajeng badhe ndherek panjenengan.” Paring wangsulane: “Iya becik, muliha dhisik, nanging elinga marang apa kang wus daktindakake marang kowe.”

21. Elisa nuli bali saka ing ngarsane Nabi Elia, banjur njupuk sapi rakitane mau, kasembeleh lan daginge kaolah nganggo kayu abah-abahane sapi mau; daging iku tumuli kaedum-edum marang para wonge, sawuse mangkono nuli padha mangan. Salebare mangan Elisa tata-tata sarta banjur ndherek Nabi Elia dadi abdine.

maca bab lengkap 1 Para Raja 19