Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 18:16-22 Kitab Sutji (JAV)

16. Sang Obaja banjur mangkat lan sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Akhab tuwin ngunjuki uninga bab iku. Sang Prabu Akhab nuli tindak manggihi Nabi Elia.

17. Bareng Sang Prabu Akhab mirsa Nabi Elia, enggal tumuli ngandika marang panjenengane: “Kowe ta iku, heh wong kang gawe cilakaning Israel!”

18. Nabi Elia mangsuli unjuke: “Sanes kawula ingkang damel cilakaning Israel, nanging panjenengan dalem punika saha kulawarga dalem, sabab panjenengan dalem sampun sami nilar dhawuh-dhawuhipun Pangeran Yehuwah saha panjenengan dalem punika sampun ngetut wingking para Baal.

19. Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa nglempakaken tiyang Israel sadaya wonten ing redi Karmel, ugi para nabining Baal ingkang cacahipun kawan atus seket punika saha para nabinipun Asyera ingkang cacahipun kawan atus punika, ingkang sami kaparingan tedha saking ing mejaning kratonipun Sang Prameswari Izebel.”

20. Sang Prabu Akhab tumuli utusan menyang ing sawewengkoning Israel kabeh kadhawuhan nglumpukake nabi-nabi iku menyang ing gunung Karmel.

21. Nabi Elia banjur nyelaki rakyat kabeh lan ngandika: “Isih pira suwene anggonmu padha laku dhengkling lan mangro tingal iku? Manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, iku etut burinen, dene manawa Baal, iku etut burinen.” Nanging rakyat ora ngaturi wangsulan sanadyan mung sakecap bae.

22. Nabi Elia banjur ngandika marang rakyat iku: “Mung kari aku dhewe kang dadi nabining Pangeran Yehuwah, mangka nabine Baal iku cacahe patang atus seket.

maca bab lengkap 1 Para Raja 18