Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 15:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. amarga Sang Prabu Dawud wus nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah apadene ora nyimpang saka ing sakehe dhawuhe marang panjenengane ing sajege sugenge, kajaba mung tumrap prakara Uria, wong Het.

6. Anadene ing sajege sugenge tansah ana perang ing antarane Sang Prabu Rehabeam lan Sang Prabu Yerobeam.

7. Mungguh kekarening riwayate Sang Prabu Abiam lan sakehing prakara kang katindakake, iku rak wus katulisan kabeh ana ing layang sejarahe para ratu ing Yehuda; sarta ing antarane Sang Prabu Abiam lan Sang Prabu Yerobeam tansah ana perang.

8. Sang Prabu Abiam banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, tuwin kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Asa, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

9. Nalika ing taun kang kaping rong puluhe jumenenge Sang Prabu Yerobeam, ratu ing Israel, Pangeran Asa wiwit jumeneng ratu ana ing Yehuda.

10. Patang puluh siji taun anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem. Asmane kang eyang putri Maakha putrane putri Sang Abisalom.

11. Sang Prabu Asa tansah nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah kaya dene Sang Prabu Dawud, rama leluhure.

12. Pelacuran kanggo ngibadah kasingkirake saka ing nagara sarta nebihake sakehe brahala damelane para leluhure.

13. Malah Sang Putri Maakha, kang eyang putri, kalungsur pangkate anggone jumeneng ibusori, jalaran yasa reca Asyera kang nistha. Reca kang nistha iku kaebrukake dening Sang Prabu Asa lan kaobong ana ing lebake kali Kidron.

14. Sanadyan tengger-tengger pangurbanan ora diedohake nanging Sang Prabu Asa madhep marang Sang Yehuwah kanthi gumolonging panggalih ing sajege sugenge.

15. Sang Prabu mbekta pisungsung-pisungsunge suci kang rama lan pisungsung-pisungsunge piyambak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah, yaiku emas lan salaka sarta barang-barang liyane.

16. Anadene ing antarane Sang Prabu Asa lan Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel, iku salawase padha sugeng tansah ana perang.

17. Sang Prabu Baesa ratu ing Israel mangsah perang menyang ing Yehuda lan banjur nyantosani Rama, kanggo nyegah wong lelungan menyang ing wewengkone Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda.

maca bab lengkap 1 Para Raja 15