Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 15:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Nanging marga Sang Prabu Dawud, Sang Yehuwah, Gusti Allahe, paring turun marang panjenengane, ana ing Yerusalem, yaiku anggone banjur njumenengake kang putra, minangka gegentose sarta anggone nglestantunake adege Yerusalem,

5. amarga Sang Prabu Dawud wus nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah apadene ora nyimpang saka ing sakehe dhawuhe marang panjenengane ing sajege sugenge, kajaba mung tumrap prakara Uria, wong Het.

6. Anadene ing sajege sugenge tansah ana perang ing antarane Sang Prabu Rehabeam lan Sang Prabu Yerobeam.

7. Mungguh kekarening riwayate Sang Prabu Abiam lan sakehing prakara kang katindakake, iku rak wus katulisan kabeh ana ing layang sejarahe para ratu ing Yehuda; sarta ing antarane Sang Prabu Abiam lan Sang Prabu Yerobeam tansah ana perang.

8. Sang Prabu Abiam banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, tuwin kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Asa, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

9. Nalika ing taun kang kaping rong puluhe jumenenge Sang Prabu Yerobeam, ratu ing Israel, Pangeran Asa wiwit jumeneng ratu ana ing Yehuda.

10. Patang puluh siji taun anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem. Asmane kang eyang putri Maakha putrane putri Sang Abisalom.

11. Sang Prabu Asa tansah nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah kaya dene Sang Prabu Dawud, rama leluhure.

12. Pelacuran kanggo ngibadah kasingkirake saka ing nagara sarta nebihake sakehe brahala damelane para leluhure.

maca bab lengkap 1 Para Raja 15