Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 14:19-31 Kitab Sutji (JAV)

19. Mungguh kekarene riwayate Sang Prabu Yerobeam, anggone andon perang lan anggone ngasta paprentahan, lah iku kabeh wus tinulis ing layang sejarahe para ratu ing Israel.

20. Anadene anggone Sang Prabu Yerobeam ngasta paprentahan lawase rolikur taun, nuli mapan ngaso nunggil karo para leluhure sarta kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

21. Anadene Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman, iku kang ngasta paprentahan ing Yehuda. Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Rehabeam yuswane patang puluh siji taun sarta pitulas taun anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem, kutha kang kapilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane taler Israel kabeh kagem nglestarekake asmane ana ing kono. Dene kang ibu asmane Naama, putri bangsa Amon.

22. Nanging wong Yehuda padha nglakoni apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah tuwin padha gawe bentering panggalihe marga dosa kang dilakoni iku ngungkuli kabeh kang ditindakake dening para leluhure.

23. Awit iya padha ngedegake papan-papan pangurbanan lan tugu-tugu brahala tuwin saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit kang ngrembuyung.

24. Malah ing nagara kono uga ana pelacuran kanggo ngibadah. Wong-wong padha nglakoni sakehing panggawe nistha kang ditindakake dening para bangsa kang wus katundhung dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

25. Nanging ing taun kang kalima jamane Sang Prabu Rehabeam, Sang Prabu Sisak, ratu ing nagara Mesir, rawuh lan nempuh Yerusalem.

26. Barang-barang praboting padalemane Sang Yehuwah lan barang-barang ing kraton padha dijarah-rayah; kabeh padha dirampas. Uga sakehe tameng emas yasane Sang Prabu Suleman.

27. Minangka gantine Sang Prabu Rehabeam yasa tameng-tameng tembaga, kang banjur kapasrahake marang para panggedhe prajurit kang jaga ana ing lawanging kraton.

28. Saben Sang Prabu lumebet ing padalemaning Pangeran Yehuwah, para prajurit mau kang ngampil lumebu tameng-tameng iku sarta iya prajurit-prajurit iku kang nggawa bali menyang ing kamar pajagane.

29. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Rehabeam lan kabeh kang katindakake, iku rak wus padha katulisan kabeh ana ing layang sejarahe para raja ing Yehuda.

30. Sarta tanpa ana pedhote anggone Sang Prabu Rehabeam perang kalawan Sang Prabu Yerobeam.

31. Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam banjur mapan ngaso nunggil karo para leluhure sarta disarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene asmane kang ibu Naama, putri bangsa Amon. Kang putra, Pangeran Abiam, banjur nggentosi jumeneng ratu.

maca bab lengkap 1 Para Raja 14