Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 13:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Amargi makaten dhawuh pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhumateng kawula: Sira aja mangan roti utawa ngombe banyu sarta aja bali metu ing dalan kang wus sira liwati mau.”

10. Wong mau banjur lunga metu ing dalan liyane lan ora bali metu ing dalan kang wus diliwati, anggone menyang ing Betel.

11. Ing Betel ana sawijining nabi tuwa. Anak-anake padha teka lan nyeritakake sakehing panggawene abdining Allah ing dina iku ana ing Betel. Uga padha nyeritakake marang bapakne tetembungane kang diaturake marang Sang Prabu.

12. Bapakne nuli takon: “Lungane metu ing dalan ngendi?” Anak-anake nuli padha nuduhake dalan kang diliwati dening abdining Allah kang teka saka ing Yehuda iku.

13. Bapakne banjur kandha marang anak-anake: “Kuldiku abah-abahana!” Kuldine tumuli diabah-abahi;

14. bapakne nuli nunggang lan mangkat nututi abdining Allah mau sarta kepranggul lagi lungguh ana ing sangisoring wit gedhe. Banjur ditakoni: “Punapa panjenengan abdining Allah ingkang rawuh saking Yehuda?” Wangsulane: “Inggih kula punika.”

15. Celathune maneh: “Sumangga sesarengan kaliyan kula dhateng ing griya dhahar roti.”

16. Nanging wangsulane: “Kula boten saged wangsul sesarengan kaliyan panjenengan lan mampir ing dalemipun; kula boten badhe nedha roti utawi ngombe toya sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing panggenan ngriki,

17. awit kula sampun kaparingan dhawuh dening Sang Yehuwah: Sira aja mangan roti utawa ngombe banyu ana ing kana. Sira aja bali liwat ing dalan kang wus sira liwati.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 13