Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 13:19-27 Kitab Sutji (JAV)

19. Nanging wong tuwa mau nggorohi abdining Allah. Abdining Allah iku banjur bali bebarengan karo dheweke lan mangan roti lan ngombe banyu ana ing omahe.

20. Nalika lagi padha lungguh ngadhepake meja, banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang nabi kang ngajak bali,

21. kang tumuli nguwuh mangkene marang abdining Allah kang teka saka ing Yehuda: “Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Sarehne sira mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah lan ora nindakake sakehing dhawuhe kang kaparingake marang sira dening Sang Yehuwah, Gusti Allahira,

22. nanging banjur bali lan mangan roti sarta ngombe banyu ana ing panggonan kene, sanadyan Panjenengane wus ngandika marang sira: Sira aja mangan roti utawa ngombe banyu, mulane jisimira ora bakal lumebu ing kubure leluhurira.”

23. Wong mau sawuse mangan roti lan ngombe banyu, banjur diabah-abahake kuldi, tumuli mangkat.

24. Nanging ana ing dalan banjur tinempuh ing singa lan dipateni. Jisime gumlethak ana ing dalan, kuldine ngadeg ana ing sandhinging jisime mau; singane uga ngadeg ana ing sandhinging jisim.

25. Wong-wong kang liwat padha ndeleng jisim kang gumlethak ana ing dalan lan singa kang ngadeg ing sandhinge iku. Wong-wong mau banjur padha nyritakake bab iku ana ing kutha panggonane nabi tuwa mau.

26. Nalika nabi tuwa kang mbujuk abdining Allah supaya bali, krungu bab mau banjur celathu: “Iku abdining Allah kang mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah. Sang Yehuwah nuli ngulungake dheweke marang singa, kang nyuwek-nyuwek lan mateni wong iku, ngetrepi pangandikaning Sang Yehuwah kang diparingake marang dheweke.”

27. Banjur kandha marang anak-anake: “Kuldiku abah-abahana.” Tumuli padha ngabah-abahi kuldine.

maca bab lengkap 1 Para Raja 13