Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 10:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika ratu ing nagara Syeba mireng pawarta bab Sang Prabu Suleman gandheng karo asmane Sang Yehuwah, panjenengane banjur rawuh arep nguji kalawan cangkriman.

2. Rawuhe ing Yerusalem kadherekake ing wadya-bala kang gedhe banget, kalawan unta kang padha diemoti bumbu-bumbu, emas akeh tuwin sesotya kang larang-larang. Bareng wus rawuh ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman banjur ngaturake isining panggalihe kabeh.

3. Dene Sang Prabu Suleman nyaosi wangsulan tumrap sakehe pandangune Sang Raja Putri mau; tumrap Sang Prabu Suleman ora ana prakara kang samar, kang nganti ora bisa kawangsulan.

4. Nalika ratu ing nagara Syeba nguningani sakehing kawicaksanane Sang Prabu Suleman lan padaleman kang wus kayasa,

5. dhaharan ing mejane, patrap anggone para abdine padha lungguh ngadhep, patrap anggone para peladen padha leladi lan anggone padha manganggo, pangunjukane tuwin kurban obaran kang saben-saben kacaosake ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, Sang Raja Putri banget erame.

6. Banjur matur marang Sang Prabu: “Pancen saestu leres pawartos ingkang kula pireng wonten ing nagari kula bab panjenengan tuwin bab kawicaksanan panjenengan,

7. nanging kula boten pitados dhateng pitembungan-pitembungan punika, ngantos kula lajeng mriki saha nyumerepi piyambak; sayektos sapalihipun kemawon dereng wonten ingkang kawartosaken dhateng kula; ing bab kawicaksanan tuwin karaharjan panjenengan nglangkungi kabar ingkang kula pireng.

8. Begja para garwa panjenengan punika, begja para abdi panjenengan ingkang tansah ngladosi panjenengan lan nyumerepi kawicaksanan panjenengan!

9. Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang sampun karenan dhumateng panjenengan, satemah lajeng nglenggahaken panjenengan ing dhamparing karajan Israel! Sarehne Pangeran Yehuwah asih dhateng tiyang Israel ing salami-laminipun, mila nunten njumenengaken panjenengan dados ratu supados nindakaken kaadilan saha kaleresan.”

10. Sang Prabu Suleman banjur kacaosan emas satus rong puluh talenta, anggi-anggi akeh banget lan sesotya kang larang-larang; ora tau ana anggi-anggi maneh kang teka kang samono akehe, kaya kang dicaosake dening ratu ing nagara Syeba marang Sang Prabu Suleman mau.

11. Sarta maneh kapal-kapale Sang Prabu Hiram, kang padha ngangkati emas saka ing Ofir, uga momot kayu cendhana lan sesotya kang larang-larang saka ing Ofir akeh banget.

12. Kayu cendhana iku kaagem dening Sang Prabu damel barang dandanan kanggo padalemaning Pangeran Yehuwah tuwin kadhatoning Sang Prabu lan uga didadekake clempung lan slukat kanggo para penyanyi; kayu cendhana kang kaya mangkono iku saprene ora ana kang teka lan ora ana kang katon maneh.

13. Sang Prabu Suleman nyaosi marang ratu ing nagara Syeba apa bae kang dikarsakake lan kang dipundhut, iku kajabane apa kang wus dicaosake marang panjenengane kang kagalih wus pantes dening Sang Prabu Suleman. Sang Raja Putri nuli kondur menyang ing nagarane kadherekake dening para abdine.

maca bab lengkap 1 Para Raja 10