Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 5:11-26 Kitab Sutji (JAV)

11. Turune Rama Gad iku padha manggon sandhing bani Ruben ana ing tanah Basan nganti tekan ing Salkha.

12. Yoel kang dadi kepalane lan Safam kang angka loro; uga Yaenai lan Safat padha manggon ing Basan.

13. Para sadhereke manut kulawargane yaiku Mikhael, Mesulam, Syeba, Yorai, Yakan, Ziya lan Eber, gunggung ana pitu.

14. Iku para putrane Rama Abihail bin Huri bin Yaroah bin Gilead bin Mikhael bin Yesisai bin Yahdo bin Bus.

15. Rama Ahi bin Abdiel bin Guni iku salah sijining kepala kulawargane.

16. Iku padha manggon ana ing Gilead ing tanah Basan lan ing sakehing kutha wewengkone lan ing sakehe tanah pangonan ing Saron nganti tekan ing poncot-poncote.

17. Wong-wong mau padha dipengeti kabeh ana ing sarasilah ing jamane Sang Prabu Yotam, ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam, ratu ing Israel.

18. Panunggalane bani Ruben, wong Gad lan saparone suku Manasye ana patang puluh papat ewu pitung atus sewidak kang sembada ing perang, wong kang prigel, kang sikep tameng lan pedhang, sarta menthang gandhewa apadene kang lanteh ing perang.

19. Iku padha andon perang nglawan wong Hagri, Yetur, Nafisy lan Nedab.

20. Padha oleh pambiyantu anggone nglawan wong-wong mau, satemah wong Hagri dalah kabeh kang padha ngrewangi padha kaulungake marang ing tangane, amarga ing sajroning perang iku padha nyuwun tulung marang Gusti Allah. Panyuwune banjur dikabulake, awit padha kumandel marang Panjenengane.

21. Raja-kayane wong-wong mau padha diebeki dadi jarahan: untane seket ewu, wedhuse rong atus seket ewu lan kuldine rong ewu, uga manungsa satus ewu jiwa.

22. Akeh wong kang tiwas marga pinatenan, awit peperangan iku saka Gusti Allah. Panggonane wong-wong mau nuli padha diejegi nganti ing jaman pambuwangan.

23. Saparone suku Manasye manggon ing nagara kono wiwit saka ing tanah Basan nganti ing Baal-Hermon, Senir lan gunung Hermon. Cacah-jiwane banjur wus dadi akeh.

24. Iki para kepalaning kulawarga-kulawarga mau: Sang Hefer, Yisei, Eliel, Azriel, Yeremia, Hodawya lan Sang Yahdiel, para wong prawira kang gagah-prakosa, para wong kang misuwur, para kepalaning kulawarga-kulawargane.

25. Nanging bareng wong-wong mau padha ora setya marang Gusti Allahe para leluhure lan laku jina kanthi patrap ngeloni sakehe allahe bangsa-bangsa ing nagara kang wus kasirnakake dening Gusti Allah saka ing ngarepe,

26. Gusti Allahe Israel nuli nggigah panggalihe Sang Prabu Pul, yaiku Sang Prabu Tilgat-Pilneser, ratu ing Asyur, temah Sang Nata iki banjur mboyongi wong-wong mau, kaparakake marang ing pambuwangan, yaiku para wong Ruben, wong Gad lan separone suku Manasye. Iku padha diboyongi menyang ing Halal, Habor, Hara lan ing kali ing nagara Gozan. Mulane wong-wong mau padha ana ing kana nganti ing dina iki.

maca bab lengkap 1 Babad 5