Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 28:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.

10. Wigatekna saiki, sabab Pangeran Yehuwah wus milih sira kakarsakake yasa padaleman kanggo pasucen. Disantosa atinira sarta iku sira lakonana.”

11. Sang Prabu banjur masrahake marang Pangeran Suleman, kang putra, rancangan cengkoronganing pandhapane Padaleman suci dalasan gedhong-gedhonge, gedhong pasimenan, kamar-kamar ndhuwur lan kamar-kamar ing jero sarta kamar kanggo tutup-pangruwatan.

12. Sateruse uga rancangan samubarang kang wus digalih bab plataraning padalemane Pangeran Yehuwah lan kamar-kamar ing sakubenge, bab prabot-praboting padalemane Gusti Allah sarta pasimpenaning barang-barang sengkeran;

13. bab golongan-golonganing para imam lan para wong Lewi tuwin bab sakehing ajaran kang tumuju marang pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah apadene sakehing barang kang kanggo ing pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

14. Sang Nata uga maringake emas sabobote kang kabutuhake kanggo gawe sakehe barang ing saben pangibadah; sarta iya maringake salaka sabobote kang dibutuhake kanggo gawe sakehe barang ing saben pangibadah,

15. yaiku emas kanggo padamaran emas, bobote sapira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine padamaran lan damare, lan salaka kanggo gawe padamaran salaka, bobote sapira kang dibutuhake kanggo saben padamaran lan damare, cundhuk karo panganggone saben padamaran ing sajroning pangibadah.

16. Sawuse mangkono uga maringi emas kanggo gawe meja roti sesaosan kanggo siji-sijine meja, tuwin salaka kanggo gawe meja salaka;

17. sateruse uga emas murni kanggo gawe porok; lan bokor panyiraman sarta kendhi, uga kanggo gawe tuwung emas, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung, apadene salaka kanggo gawe tuwung salaka, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung;

18. uga emas kang wus kasengker kanggo gawe misbyah pangobongan dupa, bobote sepira kang dibutuhake, sarta emas kanggo gawe kreta-kretanan kanggo numpangake kerub loro-lorone, kang ngegarake swiwine kanggo ngayomi pethi prajanjiane Pangeran Yehuwah.

19. Pangandikane Sang Prabu Dawud: “Iku kabeh tinemu ana ing tulisan, kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang ingsun, kang isi pitedah bab sakehe pagawean kang kudu dilakoni samangsa nindakake rancangan iku.”

20. Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.

21. Lah golonganing para imam lan para wong Lewi wus cumawis kango sakehing pangibadah ana ing padalemaning Allah, lan wus ana wong sawetara kang kanthi legawaning ati arep mbiyantu sira, kang ahli ing bab nindakake saben pagawean. Mangkono uga para pemimpin lan rakyat iki kabeh iya padha cumadhang marang apa kang sira dhawuhake.”

maca bab lengkap 1 Babad 28