Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 23:18-30 Kitab Sutji (JAV)

18. Rama Yizhar nurunake Selomit, sawijining lelurah.

19. Putrane Rama Hebron yaiku Yeria, sawijining lelurah, Amarya, putra kang angka loro, Yahaziel, putra kang angka telu lan Yekameam, putra kang angka papat.

20. Para putrane Rama Uziel yaiku Mikha, sawijining lelurah, lan Yisia, putra kang angka loro.

21. Para putrane Rama Merari yaiku Mahli lan Musi. Para putrane Rama Mahli yaiku Eleazar lan Kisy.

22. Bareng Rama Eleazar seda, ora tilar putra kakung, nanging mung putra putri; iki banjur padha digarwa dening para putrane Rama Kisy, sadhereke nak-sanak.

23. Para putrane Rama Musi yaiku Mahli, Eder lan Yeremot, gunggung telu.

24. Yaiku bani Lewi manut kulawangsane, para leluhure kulawangsane, nalika padha didaftar siji-siji cundhuk karo wilangane jenenge, urut-urutan, kang umur rong puluh taun munggah, iku kang kawajiban nindakake pagawean ing bab tata-pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

25. Amarga Sang Prabu Dawud wus ngandika: “Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, wus ngganjar kaslametan marang umate, sarta Panjenengane dedalem ana ing Yerusalem ing salawas-lawase.

26. Dadine wong Lewi wus ora usah ngusung padaleman suci maneh lan sakehing piranti kang kanggo nindakake pangibadah ana ing kono.”

27. Saba miturut dhawuhe Sang Prabu Dawud kang kari, kabeh kang kadaftar iku para turune Rama Lewi kang umur rong puluh taun munggah.”

28. “Anadene kawajibane yaiku mbiyantu para turune Rama Harun nindakake tatapangibadah ana ing padalemane Pangeran Yehuwah, rumeksa marang plataran, kamar-kamar sarta ing bab njaga resike sakehe barang kang suci apadene nindakake pagawean kang gegayutan karo tatapangibadah ing padalemaning Allah.

29. Uga kawajiban nyawisake roti sesaosan lan glepung kang becik dhewe kanggo kurban dhaharan, roti tipis tanpa ragi, apa kang kapanggang ing piranti pamanggangan, apa kang kaubleg lan sakehe takeran lan ukuran.

30. Sabanjure iya kawajiban ngrepekake kidung panuwun lan pepujian kagem Pangeran Yehuwah ing saben esuk, sarta uga ing saben sore

maca bab lengkap 1 Babad 23