Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 20:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika gantining taun, ing wancine para ratu lumrahe padha andon perang, Sang Yoab nglurugake wadya-balane, banjur nyirnakake nagarane bani Amon; sawuse iku nuli ngepang kutha Raba, dene Sang Prabu Dawud piyambak kantun ana ing Yerusalem. Sang Yoab nggebag Raba nganti kalah, lan banjur kagempur.

2. Makuthane rajane nuli kapundhut dening Sang Prabu Dawud, iku bobote satalenta emas, sarta mawa sesotya siji kang larang regane; makutha iku banjur kaagem dening Sang Prabu Dawud. Sabanjure akeh banget jarahan kang diusungi saka ing kutha kono.

3. Kang manggon ing kutha iku padha diboyongi lan dietrapi pagawean peksan kalawan migunakake graji, bur wesi lan wadung. Kang mangkono iku uga katandukake marang sakehe kuthane bani Amon. Sawuse iku Sang Prabu Dawud tumuli kondur kadherekake ing sawadya-balane kabeh menyang ing Yerusalem.

maca bab lengkap 1 Babad 20