Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 2:7-25 Kitab Sutji (JAV)

7. Turune Rama Karmi yaiku Akhar, kang gawe cilakane wong Israel, amarga ora ngugemi marang dhawuh ing bab barang-barang kang kabengkas.

8. Turune Rama Etan yaiku Azarya.

9. Para putrane Rama Hezron yaiku Yerakhmeel, Ram lan Khelubai.

10. Rama Ram peputra Aminadab, lan Rama Aminadab peputra Nahason, panggedhene bani Yehuda.

11. Rama Nahason peputra Salma lan Ram Salma peputra Boas.

12. Rama Boas peputra Obed lan Rama Obed peputra Isai.

13. Rama Isai peputra Eliab, iku pambajenge, banjur Aminadab, panggulune, Simea, kang angka telu,

14. Netaneel, kang angka papat, Radai kang angka lima.

15. Ozem, kang angka nem, tumuli Sang Prabu Dawud, putra kang angka pitu.

16. Anadene para sadhereke estri yaiku Zeruya lan Abigail. Para putrane Ibu Zeruya yaiku Abisai, Yoab lan Asael, dadi telu.

17. Ibu Abigail peputra Amasa, dene ramane Amasa iku Yeter, wong Ismael.

18. Rama kaleb bin Hezron peputra Yeriot, patutan karo Ibu Azuba, garwane; dene para putrane putri yaiku Yesyer, Sobab lan Ardon.

19. Bareng Ibu asuba wus seda, Rama kaleb krama oleh Ibu Efrat kang peputra Hur.

20. Rama Hur peputra Uri, lan Rama Uri peputra Bezaleel.

21. Sawuse mangkono Rama Hezron krama oleh putrane estri Rama Makhir, ramane Gilead. Nalika krama oleh wanita iku, panjenengane wus yuswa sawidak taun. Iku banjur peputra Rama Segub.

22. Rama Segub peputra Yair, kang ndarbeni padesan telulikur ana ing tanah Gilead.

23. Nanging Hawot-Yair banjur karebut dening Gesur lan Aram, samano uga Kenat lan desa-desa kang klebu ing wewengkone kono, gunggung padesan sawidak. Iku kabeh para turune Rama Makhir, ramane Gilead.

24. Sawuse Rama Hezron seda, Rama Kaleb tumuli nggarwa Ibu Efrata -- garwane Rama Hezron -- Ibu Efrata iku banjur peputra Asyhur, ramane Tekoa.

25. Para putrane Rama Yerahmeel, putrane pambajeng Rama Hezron, yaiku Ram, iki kang pambajeng, banjur Buna, Oren, Ozem lan Ahia.

maca bab lengkap 1 Babad 2