Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 2:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. Para putrane Rama Peres yaiku Hezron lan Hamul.

6. Para putrane Rama Zerakh yaiku Zimri, Etan, Heman, Kalkol lan Dara, kabeh lima.

7. Turune Rama Karmi yaiku Akhar, kang gawe cilakane wong Israel, amarga ora ngugemi marang dhawuh ing bab barang-barang kang kabengkas.

8. Turune Rama Etan yaiku Azarya.

9. Para putrane Rama Hezron yaiku Yerakhmeel, Ram lan Khelubai.

10. Rama Ram peputra Aminadab, lan Rama Aminadab peputra Nahason, panggedhene bani Yehuda.

11. Rama Nahason peputra Salma lan Ram Salma peputra Boas.

12. Rama Boas peputra Obed lan Rama Obed peputra Isai.

13. Rama Isai peputra Eliab, iku pambajenge, banjur Aminadab, panggulune, Simea, kang angka telu,

14. Netaneel, kang angka papat, Radai kang angka lima.

15. Ozem, kang angka nem, tumuli Sang Prabu Dawud, putra kang angka pitu.

16. Anadene para sadhereke estri yaiku Zeruya lan Abigail. Para putrane Ibu Zeruya yaiku Abisai, Yoab lan Asael, dadi telu.

maca bab lengkap 1 Babad 2