Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 2:32-47 Kitab Sutji (JAV)

32. Rama Yada, rayine Rama Samai peputra Yeter lan Yonatan. Rama Yeter seda ora peputra.

33. Para putrane Rama Yonatan yaiku Pelet lan Zaza. Iku para turune Rama Yerahmeel.

34. Putrane Rama Sesan ora ana kang kakung, kabeh putri, nanging Rama Sesan kagungan abdi lanang, wong Mesir, jenenge Yarha.

35. Rama Sesan nuli maringake putrane marang Yarha, abdine mau, dadi somahe, iku banjur peputra Atai.

36. Rama Atai peputra Natan, lan Rama Natan peputra Zabad.

37. Rama Zabad peputra Eflal lan Rama Eflal peputra Obed.

38. Rama Obed peputra Yehu, lan Rama Yehu peputra Azarya

39. Rama Azarya peputra Heles, lan Rama Heles peputra Elasa.

40. Rama Elasa peputra Sismai, lan Rama Sismai peputra Salum.

41. Rama Salum peputra Yekamya lan Rama Yekamya peputra Elisama.

42. Para turune Rama Kaleb, rayine Rama Yerahmeel, yaiku Mesa, pambajenge, ramane Zif, lan para putrane Rama Maresa, ramane Hebron.

43. Para putrane Rama Hebron yaiku Korakh, Tapuah, Rekem, lan Sema.

44. Rama Sema peputra Raham, ramane Yorkeam, dene Rama Rekem peputra Samai.

45. Putrane Rama Samai yaiku Maon, lan Rama Maon iku peputra Bet-Zur.

46. Ibu Efa, garwa ampile Rama Kaleb, peputra Haran, Mosa lan Gazes; Rama Haran peputra Gazes.

47. Para putrane Rama Yohdai yaiku Regem, Yotam, Gesan, Pelet, Efa lan Saaf.

maca bab lengkap 1 Babad 2