Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 2:20-37 Kitab Sutji (JAV)

20. Rama Hur peputra Uri, lan Rama Uri peputra Bezaleel.

21. Sawuse mangkono Rama Hezron krama oleh putrane estri Rama Makhir, ramane Gilead. Nalika krama oleh wanita iku, panjenengane wus yuswa sawidak taun. Iku banjur peputra Rama Segub.

22. Rama Segub peputra Yair, kang ndarbeni padesan telulikur ana ing tanah Gilead.

23. Nanging Hawot-Yair banjur karebut dening Gesur lan Aram, samano uga Kenat lan desa-desa kang klebu ing wewengkone kono, gunggung padesan sawidak. Iku kabeh para turune Rama Makhir, ramane Gilead.

24. Sawuse Rama Hezron seda, Rama Kaleb tumuli nggarwa Ibu Efrata -- garwane Rama Hezron -- Ibu Efrata iku banjur peputra Asyhur, ramane Tekoa.

25. Para putrane Rama Yerahmeel, putrane pambajeng Rama Hezron, yaiku Ram, iki kang pambajeng, banjur Buna, Oren, Ozem lan Ahia.

26. Nanging Rama Yerahmeel kagungan garwa liyane kang asma Atara, iku peputra Onam.

27. Para putrane Rama Ram, putrane pambajeng Rama Yerahmeel, yaiku Maas, Yamin lan Eker.

28. Para putrane Rama Onam yaiku Samai lan Yada, dene Rama Samai peputra Nadab lan Abisur.

29. Garwane Rama Abisur asma Abigail, kang peputra Akhban lan Molid.

30. Para putrane Rama Nadab yaiku Seled lan Apaim; Rama Seled seda ora peputra.

31. Rama Apaim peputra Yesei, dene Rama Yesei peputra Sesan, sarta Rama Sesan peputra Akhlai.

32. Rama Yada, rayine Rama Samai peputra Yeter lan Yonatan. Rama Yeter seda ora peputra.

33. Para putrane Rama Yonatan yaiku Pelet lan Zaza. Iku para turune Rama Yerahmeel.

34. Putrane Rama Sesan ora ana kang kakung, kabeh putri, nanging Rama Sesan kagungan abdi lanang, wong Mesir, jenenge Yarha.

35. Rama Sesan nuli maringake putrane marang Yarha, abdine mau, dadi somahe, iku banjur peputra Atai.

36. Rama Atai peputra Natan, lan Rama Natan peputra Zabad.

37. Rama Zabad peputra Eflal lan Rama Eflal peputra Obed.

maca bab lengkap 1 Babad 2