Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 19:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. Sang Prabu Hanun tumuli dhawuh nyekel para abdine Sang Prabu Dawud mau, kang banjur dicukur sarta sandhangane ing tengah dikethok nganti tekan ing cethik, sawuse mangkono banjur diculake.

5. Nalika iku padha mulih, ana kang munjuk marang Sang Prabu Dawud bab para utusan mau, Sang Prabu nuli utusan abdi nemoni, sabab wong-wong mau banget anggone padha digawe wirang. Pangandikane Sang Nata: “Sira padha manggona ing Yerikho nganti jenggotira thukul, banjur padha balia.”

6. Bareng bani Amon padha sumurup, manawa pada dadi jalarane disengiti dening Sang Prabu Dawud, Sang Prabu Hanun lan bani Amon banjur kintun talenta salaka sewu kanggo nyewa kreta lan prajurit marang Aram-Mesopotamia, Aram-Maakha lan marang Aram-Zoba.

7. Kang disewa kreta telung puluhloro ewu sarta ratu ing nagara Maakha sawadya-balane, kang banjur padha budhal lan makuwon ing sacedhake Medeba. Uga bani Amon padha nglumpuk saka ing kutha-kuthane lan bakal perang.

8. Bareng Sang Prabu Dawud midhanget bab iku, banjur dhawuh marang Sang Yoab supaya maju perang kalawan mbekta sakehing wadya-bala lan para prawira.

9. Bani amon tumuli padha ngetoni, anggone nata pabarisan ana ing sangarepe gapuraning kutha, dene para ratu kang padha rawuh, padha makuwon ana ing ara-ara.

10. Bareng Sang Yoab mirsa, manawa bakal katempuh saka ing ngarep lan saka ing buri, banjur milih saperanganing wong pepilihan Israel, tumuli nata pabarisane adhep-adhepan karo wong Aram.

11. Kekarene wadya-bala kapasrahake marang pimpinaning Sang Abisai, rayine kang banjur nata pabarisane adhep-adhepan karo wong Amon.

12. Sang Yoab nuli ngandika: “Manawa wong Aram iku kakuwatane ngluwihi aku kowe nulungana aku, dene manawa bani Amon kakuwatane ngluwihi kowe, kowe bakal daktulungi.

13. Ditatag atimu lan ayo padha dikendel, iki kanggo bangsa kita lan kanggo kutha-kuthane Gusti Allah kita. Pangeran Yehuwah mugi karsaa nindhakake apa kang becik ana ing paningale.”

14. Sang Yoab sawadya-balane tumuli nempuh wong Aram, temah wong iku padha lumayu ana ing ngarepe.

maca bab lengkap 1 Babad 19