Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 15:15-29 Kitab Sutji (JAV)

15. Sawuse mangkono bani Lewi banjur ngusung pethining Allah nganggo pikulan katumpangake ing pundhake, ngetrepi dhawuhe Nabi Musa lan cocog karo pangandikaning Yehuwah.

16. Sang Prabu Dawud dhawuh marang para tetindhihing wong Lewi, supaya para sadulure sakulawangsa padha dikona ngadeg, yaiku para juru ngidung kalawan nggawa pirantine musik, kayata slukat, clempung lan kecer, sarta supaya padha ngunekake lagu-lagu gembira kang sora.

17. Para wong Lewi nuli akon ngadeg marang Heman bin Yoel, lan marang para sadulure sakulawangsane: Asaf bin Berekhya; saka bani Merari, para sadulure sakulawangsane; Etan bin Kusaya;

18. sarta bebarengan karo dheweke kabeh para sadulure pangkat loro: Zakharya, Yaaziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Benaya, Maaseya, Matica, Elifele, Mikneya, lan Obed-Edom sarta Yeiel, para jaga gapura.

19. Para juru ngidung yaiku Heman, Asaf lan Etan kadhawuhan ngunekake lagu nganggo kecer.

20. Zakharya, Aziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Maaseya, Benaya kadhawuhan ngunekake slukat mawa swara dhuwur,

21. dene Matica, Elifele, Mikneya, Obed-Edom, Yeiel lan Azazya kadhawuhan ngunekake clempung kang wolung tataran swara luwih endhek kanggo ngiringi kekidungan.

22. Kenanya tetindhihing wong Lewi, kawajiban usung-usung. Iku dadi kepalane pengangkutan, awit ngreti bab iku.

23. Berekhya lan Elkana iku dadi tukang jaga lawanging pethi;

24. lan Sebanya, Yosafat, Netaneel, Amasai, Zakharya, Benaya lan Eliezer, kabeh dadi imam, iku kang ngunekake kalasangka ana ing ngarepe pethining Allah, dene Obed-Edom lan Yehia iku dadi tukang jaga lawanging pethi mau.

25. Sang Prabu Dawud, para tetuwaning Israel lan para panggedhening wadya-bala sewu banjur padha budhal arep mboyong pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah mau saka ing omahe Obed-Edom kalawan bingah.

26. Sarta ing sarehne Gusti Allah paring pitulungan marang para wong Lewi kang padha mboyong pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah iku, mulane banjur padha ngunjukake sapi lanang pitu lan wedhus lanang pitu.

27. Sang Prabu Dawud ngagem jubah lena alus, lan uga para wong Lewi kang mboyong pethi mau, lan para juru kidung, lan Kenanya kang manggedheni pengangkutan lan para juru kidung. Sang Prabu Dawud uga ngagem kotang Efod lena.

28. Wong Israel kabeh padha nggotong pethi prajanjiane Pangeran Yehuwah mau kalawan diiringi surak lan unining kalasangka, nafiri tuwin kecer, kalawan ngunekake dolanan slukat lan clempung.

29. Bareng pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah tekan ing kuthane Sang Prabu Dawud, Sang Putri Mikhal, putri putrane Sang Prabu Saul, nginguk ing cendhela, wasana banjur mirsani Sang Prabu Dawud lincak-lincak lan beksa. Mulane sajroning panggalih ngremehake Sang Prabu Dawud.

maca bab lengkap 1 Babad 15