Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 15:14-22 Kitab Sutji (JAV)

14. Mulane para Imam lan para wong Lewi tumuli padha sesuci, marga arep mboyong pethining Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

15. Sawuse mangkono bani Lewi banjur ngusung pethining Allah nganggo pikulan katumpangake ing pundhake, ngetrepi dhawuhe Nabi Musa lan cocog karo pangandikaning Yehuwah.

16. Sang Prabu Dawud dhawuh marang para tetindhihing wong Lewi, supaya para sadulure sakulawangsa padha dikona ngadeg, yaiku para juru ngidung kalawan nggawa pirantine musik, kayata slukat, clempung lan kecer, sarta supaya padha ngunekake lagu-lagu gembira kang sora.

17. Para wong Lewi nuli akon ngadeg marang Heman bin Yoel, lan marang para sadulure sakulawangsane: Asaf bin Berekhya; saka bani Merari, para sadulure sakulawangsane; Etan bin Kusaya;

18. sarta bebarengan karo dheweke kabeh para sadulure pangkat loro: Zakharya, Yaaziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Benaya, Maaseya, Matica, Elifele, Mikneya, lan Obed-Edom sarta Yeiel, para jaga gapura.

19. Para juru ngidung yaiku Heman, Asaf lan Etan kadhawuhan ngunekake lagu nganggo kecer.

20. Zakharya, Aziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Maaseya, Benaya kadhawuhan ngunekake slukat mawa swara dhuwur,

21. dene Matica, Elifele, Mikneya, Obed-Edom, Yeiel lan Azazya kadhawuhan ngunekake clempung kang wolung tataran swara luwih endhek kanggo ngiringi kekidungan.

22. Kenanya tetindhihing wong Lewi, kawajiban usung-usung. Iku dadi kepalane pengangkutan, awit ngreti bab iku.

maca bab lengkap 1 Babad 15