Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 15:12-26 Kitab Sutji (JAV)

12. iku padha dipangandikani mangkene: “Heh, sira padha panggedhening kulawangsane wong Lewi, sira padha sesucia, iya sira kabeh dalah para sadulurira sakulawangsa, banjur padha mboyonga pethining Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, menyang panggonan kang wus suncawisake.

13. Marga saka nalika kapisanan sira padha ora ana, Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, banjur ndhawahake bebendu ana ing satengah kita, awit kita ora nyuwun pitedah kaya samesthine.”

14. Mulane para Imam lan para wong Lewi tumuli padha sesuci, marga arep mboyong pethining Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

15. Sawuse mangkono bani Lewi banjur ngusung pethining Allah nganggo pikulan katumpangake ing pundhake, ngetrepi dhawuhe Nabi Musa lan cocog karo pangandikaning Yehuwah.

16. Sang Prabu Dawud dhawuh marang para tetindhihing wong Lewi, supaya para sadulure sakulawangsa padha dikona ngadeg, yaiku para juru ngidung kalawan nggawa pirantine musik, kayata slukat, clempung lan kecer, sarta supaya padha ngunekake lagu-lagu gembira kang sora.

17. Para wong Lewi nuli akon ngadeg marang Heman bin Yoel, lan marang para sadulure sakulawangsane: Asaf bin Berekhya; saka bani Merari, para sadulure sakulawangsane; Etan bin Kusaya;

18. sarta bebarengan karo dheweke kabeh para sadulure pangkat loro: Zakharya, Yaaziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Benaya, Maaseya, Matica, Elifele, Mikneya, lan Obed-Edom sarta Yeiel, para jaga gapura.

19. Para juru ngidung yaiku Heman, Asaf lan Etan kadhawuhan ngunekake lagu nganggo kecer.

20. Zakharya, Aziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Maaseya, Benaya kadhawuhan ngunekake slukat mawa swara dhuwur,

21. dene Matica, Elifele, Mikneya, Obed-Edom, Yeiel lan Azazya kadhawuhan ngunekake clempung kang wolung tataran swara luwih endhek kanggo ngiringi kekidungan.

22. Kenanya tetindhihing wong Lewi, kawajiban usung-usung. Iku dadi kepalane pengangkutan, awit ngreti bab iku.

23. Berekhya lan Elkana iku dadi tukang jaga lawanging pethi;

24. lan Sebanya, Yosafat, Netaneel, Amasai, Zakharya, Benaya lan Eliezer, kabeh dadi imam, iku kang ngunekake kalasangka ana ing ngarepe pethining Allah, dene Obed-Edom lan Yehia iku dadi tukang jaga lawanging pethi mau.

25. Sang Prabu Dawud, para tetuwaning Israel lan para panggedhening wadya-bala sewu banjur padha budhal arep mboyong pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah mau saka ing omahe Obed-Edom kalawan bingah.

26. Sarta ing sarehne Gusti Allah paring pitulungan marang para wong Lewi kang padha mboyong pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah iku, mulane banjur padha ngunjukake sapi lanang pitu lan wedhus lanang pitu.

maca bab lengkap 1 Babad 15