Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 14:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. Nogah, Nefeg, Yafia,

7. Elisama, Beelyada lan Elifelet.

8. Bareng wong Filisti krungu, manawa Sang Prabu Dawud wus kajebadan dadi ratu ing saindenging Israel, wong Filisti kabeh banjur tumandang arep nyekel Sang Prabu Dawud. Nanging Sang Prabu Dawud mireng bab iku, tumuli tindak methukake.

9. Nalika wong Filisti padha teka lan nempuh lebak Refaim,

10. Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah: “Punapa kawula kapareng tumandang nglawan tiyang Filisti punika saha punapa Paduka badhe masrahaken tiyang-tiyang punika dhateng ing tangan kawula?” Paring wangsulane Sang Yehuwah: “Mangkata, Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang ing tanganira.”

11. Sang Prabu Dawud nuli bidhal menyang ing Baal-Perazim; wong Filisti padha kagecak ana ing kono. Sang Prabu Dawud ngandika: “Gusti Allah wus nrobos mungsuhku lumantar aku kaya panrobosing banyu.” Mulane panggonan kono banjur kaaranan Baal-Perazim.

12. Wong Filisti padha ninggal allah-allahe ana ing kono, lan awit saka dhawuhe Sang Prabu Dawud iku padha kaobongan nganti tapis dening wong Israel.

13. Nalika wong Filisti padha nempuh lembah iku maneh,

14. Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah, sarta Gusti Allah banjur paring wangsulan, pangandikane: “Sira aja nempuh saka ing burine, nanging sira ngubengana wong-wong iku, supaya kena sira tempuh saka ing wit-witan baka.

15. Lan manawa sira krungu swara kaya ana kang lumaku ing pucuking wit-wit baka mau, sira nuli metua majua perang, sabab Gusti Allah wus miyosi perang ana ing ngarepira lan bakal ngawonake wadya-balane wong Filisti.”

16. Sang Prabu Dawud tumuli nglampahi sadhawuhing Allah marang panjenengane, wadya-bala Filisti kagecak, wiwit saka ing Gibeon nganti tekan ing Gezer.

17. Asmane Sang Prabu Dawud banjur misuwur ana ing sakehing nagara, sarta Pangeran Yehuwah ndhatengake rasa giris marang panjenengane ana ing atine sakehe bangsa.

maca bab lengkap 1 Babad 14