Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 11:15-24 Kitab Sutji (JAV)

15. Ing sawijining dina panunggalane tetindhih telung puluh mau ana telu kang munggah ing gunung parang sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing sacedhake guwa Adulam; nalika iku wadya-balane wong Filisti makuwon ana ing lebak Refaim.

16. Sang Prabu Dawud ing nalika samana pinuju ana ing beteng gunung, dene wadya-bala Filisti ing nalika iku ngejegi Betlehem.

17. Sang Prabu Dawud nuli katuwuhan pepenginan, pangandikane: “Ah, bok ya ana wong sing menehi ngombe aku banyu saka sumur ing Betlehem ing sacedhake gapura.”

18. Wong telu mau banjur nrobos ing patarubane wong Filisti, tumuli nimba banyu ing sumur Betlehem kang ana ing sacedhake gapura, nuli diangkat lan digawa marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud. Nanging Sang Prabu Dawud ora karsa ngunjuk, banyune kacaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban unjukan,

19. pangandikane: “Tumindak ingkang makaten punika, dhuh Allah, mugi tinebihna saking kawula. Punapa pantes kawula ngombe rahing toh-nyawanipun tiyang-tiyang punika? Amargi anggenipun sami mbekta toya punika kalayan ngetohaken nyawanipun.” Panjenengane ora karsa ngunjuk. Iku kang ditindakake dening gegedhug telu mau.

20. Sang Abisai, rayine Sang Yoab, iku kang dadi tetindhihing wong telung puluh iku. Lan iya panjenengane iku kang kalawan ngolahake tumbake bisa mateni mungsuh telung atus; mulane banjur dadi kondhang ana ing antarane wong telung puluh mau.

21. Ing antarane wong telung puluh iku, panjenengane kang kajen dhewe, la wong iya dadi tetindhihe, ewa samono ora bisa madhani gegedhug telu mau.

22. Nuli Sang Benaya bin Yoyadha, turune wong gagah prakosa, kang gedhe lelabuhane, kang asale saka Kabzeel. Iku bisa mateni gegedhug Moab loro. Panjenengane iya tau lumebu ing gampeng lan mateni ing nalika dina tekaning salju.

23. Kejaba iku iya tau mateni wong Mesir, kang dhuwure limang asta, mangka wong Mesir iku nyekel tumbak kang kaya giliganing tenunan, nanging wong mau banjur diparani kalawan nggawa teken, tumbake direbut saka ing tangane wong Mesir mau, kang banjur dipateni kalawan tumbake dhewe.

24. Iku kang ditindakake dening Sang Benaya bin Yoyadha. mulane dadi kondhang ana ing antarane gegedhug telung puluh mau.

maca bab lengkap 1 Babad 11