Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 10:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong Filisti perang nglawan wong Israel. Wong Israel padha keplayu ana ing ngarepe wong Filisti lan akeh kang mati ana ing pagunungan Gilboa.

2. Sang Prabu Saul lan para putrane padha kaoyak dening wong Filisti; Pangeran Yonatan, Abinadab lan Malkisua, para putrane Sang Prabu Saul, padha kasedanan.

3. Peperangan iku tumrap Sang Prabu Saul saya abot. Bareng wadya-bala panahan mrangguli panjenengane, panjenengane banjur ketaton.

4. Sang Prabu Saul nuli ngandika marang kang ngampil dedamele: “Pedhangmu unusen, aku suduken, supaya wong-wong kang ikutan kae ora mrene lan nganggo dolanan aku.” Nanging kang ngampil dedamel mopo, awit ora tegel, Sang Prabu Saul banjur mundhut pedhange, nuli dirungkebi.

5. Bareng kang ngampil dedamele sumurup, manawa Sang Prabu wus seda, iya banjur ngrungkebi pedhange, tumuli mati.

maca bab lengkap 1 Babad 10