Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 1:45-54 Kitab Sutji (JAV)

45. Sasedane Sang Prabu Yobab, Sang Husyam, saka ing nagarane wong Teman, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

46. Sawuse Sang Prabu Husyam seda, Sang Hadad bin Bedad jumeneng ratu nggentosi panjenengane; iya panjenengane iku kang ngawonake wong Midian ana ing dhaerah Moab, lan kuthane jenenge Awit.

47. Bareng Sang Prabu Hadad seda, Sang Samla, saka ing Masyreka jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

48. Sawuse Sang Prabu Samla seda, Sang Saul saka ing Rehobot-Kali, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

49. Sasedane Sang Prabu Saul, Sang Baal-Hanan bin Akhbor jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

50. Bareng Sang Prabu Baal-Hanan seda Sang Hadad jumeneng ratu nggentosi panjenengane, dene kuthane jenenge Pahi, kang garwa asma Mehetabeel putra putrine Sang Matred, putra putrine Sang Mezahab.

51. Sawuse Sang Prabu Hadad seda, kang dadi kepala-kepalane golongan ing Edom yaiku: Sang Timna, Alya, Yetet,

52. Oholibama, Ela, Pinon,

53. Kenas, Teman, Mibzar,

54. Magdiel lan Iram. Yaiku kang padha dadi kepala-kepala golongan ing Edom.

maca bab lengkap 1 Babad 1