Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 1:37-46 Kitab Sutji (JAV)

37. Para putrane Rama Rehuel yaiku Nahat, Zerah, Syama lan Miza.

38. Para putrane Rama Seir yaiku Lotan, Syobal, Zibeon, Ana, Dhisyon, Ezer lan Dhisyan.

39. Para putrane Rama Lotan yaiku Hori lan Homam; Rama Lotan kagungan rayi estri, asma Timna.

40. Para putrane Rama Syobal yaiku Alyan, Manahat, Ebal, Syefi lan Onam; para putrane Rama Zibeon yaiku Aya lan Ana,

41. kang nurunake Rama Dhisyon; para putrane Rama Dhisyon yaiku Hamran, Esyban, Yitran lan Kheran.

42. Para putrane Rama Ezer yaiku Bilhan, Zaawan lan Yaakan. Para putrane Rama Dhisyan yaiku Us lan Aran.

43. Iki para ratu kang padha ngasta paprentahan ana ing tanah Edom, sadurunge Israel kaereh dening ratu: Sang Prabu Bela bin Beor, lan kuthane jenenge Dinhaba.

44. Bareng Sang Prabu Bela seda, Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

45. Sasedane Sang Prabu Yobab, Sang Husyam, saka ing nagarane wong Teman, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

46. Sawuse Sang Prabu Husyam seda, Sang Hadad bin Bedad jumeneng ratu nggentosi panjenengane; iya panjenengane iku kang ngawonake wong Midian ana ing dhaerah Moab, lan kuthane jenenge Awit.

maca bab lengkap 1 Babad 1