Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 1:28-43 Kitab Sutji (JAV)

28. Para putrane Rama Abraham yaiku Rama Iskak, lan Rama Ismael.

29. Iki para tedhak turune: Putrane pambajeng Rama Ismael yaiku Nebayot, banjur Kedar, Adbeel, Mibsam,

30. Misyma, Duma, Masa, Hadad, Tema,

31. Yetur, Nafisy lan Kedma; iku para putrane Rama Ismael.

32. Turune ibu Ketura, garwa ampile Rama Abraham: Ibu Ketura iku peputra Zimran, Yoksan, Medan, Midian, Isybak lan Suah. Para putrane Rama Yoksan yaiku Syeba lan Dhedhan.

33. Para putrane Midian yaiku: Efa, Efer, Hanokh, Abida lan Eldaa. Iku kabeh padha turune Ibu Ketura.

34. Rama Abraham peputra Rama Iskak. Rama Iskak peputra Rama Esau lan Rama Israel.

35. Para putrane Rama Esau yaiku Elifas, Rehuel, Yeusy, Yaelam lan Korakh.

36. Para putrane Rama Elifas yaiku Teman, Omar, Zefi, Gaetam, Kenas, Timna lan Amalek.

37. Para putrane Rama Rehuel yaiku Nahat, Zerah, Syama lan Miza.

38. Para putrane Rama Seir yaiku Lotan, Syobal, Zibeon, Ana, Dhisyon, Ezer lan Dhisyan.

39. Para putrane Rama Lotan yaiku Hori lan Homam; Rama Lotan kagungan rayi estri, asma Timna.

40. Para putrane Rama Syobal yaiku Alyan, Manahat, Ebal, Syefi lan Onam; para putrane Rama Zibeon yaiku Aya lan Ana,

41. kang nurunake Rama Dhisyon; para putrane Rama Dhisyon yaiku Hamran, Esyban, Yitran lan Kheran.

42. Para putrane Rama Ezer yaiku Bilhan, Zaawan lan Yaakan. Para putrane Rama Dhisyan yaiku Us lan Aran.

43. Iki para ratu kang padha ngasta paprentahan ana ing tanah Edom, sadurunge Israel kaereh dening ratu: Sang Prabu Bela bin Beor, lan kuthane jenenge Dinhaba.

maca bab lengkap 1 Babad 1