Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yudas 1:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.

2. Rahmat lan tentrem-rahayu apadene sih ngluberana kowe kabeh.

3. He para kekasih, sarehne banget anggonku mbudidaya nulis layang marang kowe bab karahayon kita kabeh, mulane aku rumangsa kadereng nulis iki lan mituturi kowe, supaya padha tetepa perang mbelani iman kang wis kapasrahake marang para suci.

4. Amarga ana sawenehing wong kang padha nlusup ing satengahmu, yaiku wong kang wis suwe padha pinesthekake bakal kaukum: para wong duraka kang migunakake sih-rahmate Allah kita kanggo mblunthah, sarta kang nyelaki marang Panguwasa Tunggal lan Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.

5. Nanging sanadyan kowe wis padha ngreti sarta ora mangu-mangu tumrap iku kabeh, aku kapengin ngelingake kowe, manawa Pangeran iku pancen ngentasake umat kagungane saka ing tanah Mesir, nanging sabanjure numpes kang padha ora pracaya.

6. Anadene Panjenengane nahan malaekat kang ora padha netepi wates-watesing panguwasane, nanging padha ninggal papan padunungane, srana blenggu kang langgeng ana ing pepeteng nganti tekaning pangadilan ing dina gedhe,

7. iya kayadene Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge, kang carane laku jina padha kaya mangkono iku sarta padha mburu kamareman kang ora lumrah, anggone wus padha kasiksa ing geni langgeng, minangka pepeling tumrap sakabehing manungsa.

8. Ewadene wong kang padha ngimpi-impi kaya mangkono iku njemberake badane sarta ngremehake panguwasaning Allah sarta nyenyamah sakehing kamulyan.

9. Nanging Sang Mikhael, panggedhening para malaekat, nalika padudon karo Iblis bab layone Nabi Musa, ora wani ngetrapake tembung panyenyamah, mung ngucap mangkene, “Kowe muga didukanana dening Pangeran

10. Mangka wong-wong iku padha nyenyamah marang kang ora disumurupi malah kang disumurupi saka watake dhewe, kaya patrape kewan kang tanpa budi, iku kang njalari karusakane.

maca bab lengkap Yudas 1