Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 7:14-28 Kitab Sutji (JAV)

14. Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Gusti Yesus lumebet ing Padaleman Suci sarta memulang.

15. Wong Yahudi padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, dene ora nganggo sinau!”

16. Gusti Yesus mangsuli: “Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe, nanging piwulange kang ngutus Aku.

17. Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.

18. Wong kang rembuge saka karepe dhewe iku ngarah kaluhurane dhewe. Nanging wong kang ngupaya kaluhurane kang ngutus, iku kang temen, sarta ora kadunungan cidra.

19. Apa dudu Nabi Musa kang ndhawuhake angger-anggering Toret marang kowe? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang ngestokake angger-anggering Toret iku. Sabab apadene kowe padha ngarah patiKu?”

20. Atur wangsulane wong akeh: “Sampeyan punika kapanjingan dhemit. Ingkang ngangkah pejah sampeyan sinten?”

21. Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Mung ana panggawe siji kang Daklakoni, mangka kowe kabeh padha gumun.

22. Nabi Musa ndhawuhake pranatan tetak marang kowe; sabenere pranatan tetak iku ora saka Nabi Musa, nanging saka para leluhur kita, lan ing dina Sabat kowe iya padha netaki wong.

23. Manawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya angger-anggere Nabi Musa aja nganti katerak, apa kowe padha panas atimu marang Aku, dene Aku marasake badan sakojur ing dina Sabat?

24. Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil.”

25. Wong Yerusalem sawatara padha ngucap: “Apa dudu Wong iku kang diarah patine?

26. Lah kok kanthi saenake bae pangucape, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa kirane para panggedhe kita iya wus ngreti manawa Dheweke iku Sang Kristus temenan?

27. Nanging mungguh wong iku kita wus ngreti pinangkane. Mangka samangsa Sang Kristus iku rawuh, ora ana kang weruh pinangkane.”

28. Nalika Gusti Yesus memulang ana ing Padaleman Suci, Panjenengane nguwuh mangkene: “Pancen kowe padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh pinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKu dhewe. Aku diutus dening Panjenengane kang asipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh.

maca bab lengkap Yokanan 7