Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 6:59-68 Kitab Sutji (JAV)

59. Anggone mangandikakake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing Kapernaum.

60. Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene: “Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokake bae sapa?”

61. Gusti Yesus mirsa sajroning panggalih manawa siswane padha ngedumel ing bab iku mau, banjur mangandikani: “Apa kowe padha kacenthok ing pituturKu iku mau?

62. Kang iku kapriye saupama kowe padha weruh Putrane Manungsa sumengka menyang padunungane kang dhisik?

63. Roh iku kang nguripake, daging iku ora ana paedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip.

64. Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane.

65. Panjenengane banjur ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama.”

66. Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.

67. Kang iku Gusti Yesus ngandika marang sakabat rolas: “Apa kowe ora padha arep lunga uga?”

68. Atur wangsulane Simon Petrus: “Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Paduka punika pangandikaning gesang langgeng.

maca bab lengkap Yokanan 6