5. Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha grudugan sowan, banjur ngandika marang Filipus: “Ing ngendi anggon kita arep tuku roti, supaya wong-wong iki bisa mangan?”
6. Anggone ngandika mangkono iku mung kagawe nyoba, awit wus mirsa piyambak apa kang bakal katindakake.
7. Unjuke Filipus: “Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kabagean nyakedhik.”
8. Sawijining sakabat iya iku Andreas sadulure Simon Petrus tumuli munjuk:
9. “Punika wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawer sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika?”
10. Gusti Yesus ngandika: “Wong-wong iku konen padha linggih!” Anadene ing kono akeh sukete, wong-wong mau banjur padha linggih, kang lanang cacahe watara limang ewu.
11. Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe arep padha mangan.
12. Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para sakabate: “Cuwilan turahane padha klumpukna, supaya aja ana kang kececeran!”