Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 6:41-53 Kitab Sutji (JAV)

41. Wong-wong Yahudi banjur pating kedumel ing bab Panjenengane, awit ana pangandikane mangkene: “Aku iki roti kang tumurun saka ing swarga.”

42. Padha grenengan mangkene: “Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: Aku tumurun saka ing swarga?”

43. Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: “Aja padha pating kedumel.

44. Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba manawa digendeng dening Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nangekake besuk ing wekasaning jaman.

45. Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: “Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.” Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku.

46. Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wus weruh marang Sang Rama. Mung kang pinangkane saka ing Allah iku kang wus ndeleng Sang Rama.

47. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng.

48. Aku iki roti panguripan.

49. Leluhurmu padha mangan mana ana ing ara-ara-samun, nanging wis padha mati.

50. Iki roti kang tumurun saka ing swarga: Sing sapa mangan iku, ora bakal mati.

51. Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”

52. Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriye bisane menehake daginge supaya padha dakpangan?”

53. Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Satemen-temene pituturKu marang kowe. Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip.

maca bab lengkap Yokanan 6