Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 6:37-52 Kitab Sutji (JAV)

37. Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik.

38. Sabab anggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhewe, nanging karsane kang ngutus Aku.

39. Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: Kabeh kang wus kaparingake marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekna besuk ing wekasaning jaman.

40. Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”

41. Wong-wong Yahudi banjur pating kedumel ing bab Panjenengane, awit ana pangandikane mangkene: “Aku iki roti kang tumurun saka ing swarga.”

42. Padha grenengan mangkene: “Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: Aku tumurun saka ing swarga?”

43. Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: “Aja padha pating kedumel.

44. Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba manawa digendeng dening Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nangekake besuk ing wekasaning jaman.

45. Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: “Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.” Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku.

46. Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wus weruh marang Sang Rama. Mung kang pinangkane saka ing Allah iku kang wus ndeleng Sang Rama.

47. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng.

48. Aku iki roti panguripan.

49. Leluhurmu padha mangan mana ana ing ara-ara-samun, nanging wis padha mati.

50. Iki roti kang tumurun saka ing swarga: Sing sapa mangan iku, ora bakal mati.

51. Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”

52. Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriye bisane menehake daginge supaya padha dakpangan?”

maca bab lengkap Yokanan 6