Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 6:31-45 Kitab Sutji (JAV)

31. Para leluhur kawula sami nedha mana wonten ing ara-ara-samun, kados ingkang sampun kaseratan: Padha diparingi roti saka ing swarga.”

32. Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh.

33. Awitdene roti kang saka Gusti Allah yaiku kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagad.”

34. Unjuke wong-wong mau: “Gusti, kawula mugi Paduka paringi roti punika ing salaminipun!”

35. Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.

36. Nanging kowe wus padha Daktuturi: Sanadyan kowe wus padha ndeleng marang Aku, ewadene padha ora pracaya.

37. Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik.

38. Sabab anggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhewe, nanging karsane kang ngutus Aku.

39. Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: Kabeh kang wus kaparingake marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekna besuk ing wekasaning jaman.

40. Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”

41. Wong-wong Yahudi banjur pating kedumel ing bab Panjenengane, awit ana pangandikane mangkene: “Aku iki roti kang tumurun saka ing swarga.”

42. Padha grenengan mangkene: “Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: Aku tumurun saka ing swarga?”

43. Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: “Aja padha pating kedumel.

44. Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba manawa digendeng dening Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nangekake besuk ing wekasaning jaman.

45. Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: “Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.” Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku.

maca bab lengkap Yokanan 6