Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 6:15-23 Kitab Sutji (JAV)

15. Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah ing gunung maneh piyambakan.

16. Bareng wayah sore para sakabate padha mudhun menyang ing sagara, banjur padha nunggang prau

17. arep nyabrang menyang ing Kapernaum. Bareng wus wengi, Gusti Yesus kok meksa durung rawuh,

18. mangka ombaking sagara ngedab-edabi, amarga katempuh ing angin gedhe.

19. Bareng olehe padha ndhayung para sakabat mau wus oleh watara loro utawa telung mil, weruh Gusti Yesus tindak napak ing banyu nyelaki praune, temahan padha wedi.

20. Nanging tumuli dipangandikani: “Iki Aku, aja padha wedi!”

21. Para sakabat banjur ngaturi Panjenengane minggah ing prau, lan sanalika iku uga praune tekan ing dharatan kang kasedya.

22. Esuke wong akeh kang isih ana ing sabranging sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para sakabat dhewe kang mancal.

23. Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti caos sokur mau.

maca bab lengkap Yokanan 6