Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 6:14-26 Kitab Sutji (JAV)

14. Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”

15. Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah ing gunung maneh piyambakan.

16. Bareng wayah sore para sakabate padha mudhun menyang ing sagara, banjur padha nunggang prau

17. arep nyabrang menyang ing Kapernaum. Bareng wus wengi, Gusti Yesus kok meksa durung rawuh,

18. mangka ombaking sagara ngedab-edabi, amarga katempuh ing angin gedhe.

19. Bareng olehe padha ndhayung para sakabat mau wus oleh watara loro utawa telung mil, weruh Gusti Yesus tindak napak ing banyu nyelaki praune, temahan padha wedi.

20. Nanging tumuli dipangandikani: “Iki Aku, aja padha wedi!”

21. Para sakabat banjur ngaturi Panjenengane minggah ing prau, lan sanalika iku uga praune tekan ing dharatan kang kasedya.

22. Esuke wong akeh kang isih ana ing sabranging sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para sakabat dhewe kang mancal.

23. Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti caos sokur mau.

24. Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus.

25. Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengane ana ing sabrange sagara, tumuli padha munjuk: “Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?”

26. Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.

maca bab lengkap Yokanan 6