Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 21:12-20 Kitab Sutji (JAV)

12. Pangandikane Gusti Yesus marang para sakabat: “Mrenea, padha sarapana.” Ora ana ing antarane para sakabat iku kang wani munjuk pitakon: “Paduka punika sinten?” Amarga wus padha ngreti, yen Panjenengane iku Gusti Yesus.

13. Gusti Yesus tumuli majeng, sarta mundhut roti mau, tumuli diparingake marang para sakabat, mangkono uga iwake.

14. Iku wus ping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.

15. Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!”

16. Pangandikane Gusti Yesus maneh marang Petrus kang kapindhone: “Simon, anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!”

17. Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!

18. Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalika kowe isih enom, kowe sabukan dhewe lan kowe lumaku menyang ngendi bae kang kokkarepake, nanging besuk manawa kowe wus tuwa, kowe bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki, banjur nggawa kowe menyang panggonan kang ora kokkarepake.”

19. Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”

20. Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungaken Paduka?”

maca bab lengkap Yokanan 21