Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 2:15-24 Kitab Sutji (JAV)

15. Saupama ana sadulur lanang utawa wadon kang kacingkrangan ing bab sandhang lan pangane ing saben dinane,

16. nuli ana panunggalanmu kang nuturi mangkene: “Wis mangkata, daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta mangana sing wareg.” Nanging ora menehi kang dadi kabutuhane badane, iku paedahe apa?

17. Mangkono uga tumrap pracaya: Manawa pracaya iku ora dikantheni panggawe, iku sajatine mati.

18. Nanging bisa uga ana kang muni mangkene: “Kowe iku kang nduweni pracaya, aku iki nduweni panggawe.” Aku bakal mangsuli: “Mara tuduhana pracayamu kang tanpa panggawe iku, sarta kowe bakal daktuduhi pracayaku saka panggawe-panggaweku.”

19. Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.

20. He, wong bodho, apa kowe saiki gelem ngakoni, manawa pracaya tanpa panggawe iku pracaya kang kothong.

21. Leluhur kita Rama Abraham iku apa ora awit saka panggawe-panggawene anggone kabenerake, nalika nyaosake kang putra Iskak ana ing misbyah?

22. Kowe padha sumurup, manawa pracaya iku tumindak bebarengan karo panggawe, sarta marga saka panggawe iku pracaya dadi sampurna.

23. Temah kayektenan nas kang surasane mangkene: “Anadene Rama Abraham pracaya marang Gusti Allah, mangka iya iku kang kaetung dadi kasampurnane.” Amarga saka iku Rama Abraham kasebut: “Mitrane Gusti Allah.”

24. Dadi kowe padha sumurup, manawa manungsa anggone kabenerake iku jalaran saka panggawe, ora mung saka pracaya bae.

maca bab lengkap Yakobus 2