Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 2:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. He para sadulurku, sarehne kowe kabeh iku wong kang pracaya marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita kang Mahamulya, anggonmu ngetrapake pracayamu aja nganggo mawang wong.

2. Jalaran saupama ana wong kang lumebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali mas, manganggo sarwa mompyor sarta uga ana wong miskin kang lumebu manganggo sarwa ala,

3. nuli kowe padha ngajeni marang kang manganggo mompyor mau lan koktuturi mangkene, “Panjenengan kula aturi lenggah ing panggenan ingkang sae punika!”, mangka kang miskin kokpituturi mangkene, “Sampeyan ngadeg ngriku!” utawa: “Sampeyan linggih ing ngandhap ngriki celak ancik-ancik kula!”,

4. apa kowe ora wis padha mbedak-mbedakake sajroning atimu sarta tumindak dadi jeksa kang ala pikirane?

5. Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?

6. Nanging kowe iku padha ngremehake marang wong miskin. Malah apa ora wong sugih kang padha nganiaya kowe sarta nyered kowe marang ngarsane pangadilan?

7. Apa dudu iku kang padha nyenyamah Asma kang mulya, kang njalari kowe padha dadi kagungane Gusti Allah

8. Nanging, manawa kowe netepi angger-angger kang utama kang katulis ing Kitab Suci: “Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe,” dadi sira tumindak becik.

9. Nanging manawa kowe padha mawang wong, kowe nglakoni dosa sarta marga saka angger-angger iku, banjur nyata yen kowe nglakoni panerak.

maca bab lengkap Yakobus 2