Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 21:5-18 Kitab Sutji (JAV)

5. Kang lenggah ing dhampar banjur ngandika: “Wruhanira, samubarang kabeh Sundadekake anyar!” Lan pangandikane: “Sira nulisa, awit pangandika iki patitis lan nyata.”

6. Sarta aku dipangandikani maneh mangkene: “Samubarang kabeh wus kalakon. Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi. Wong kang ngelak bakal Sunparingi ngombe kanthi lelahanan saka tuking banyu kauripan.

7. Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal dadi PutraningSun.

8. Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”

9. Sawijining malaekat panunggalane malaekat pitu kang ngasta bokor pitu kebak isi wewelak pitu kang wekasan iku rawuh lan banjur ngandika: “Mrenea, kowe daktuduhi panganten putri, garwane Sang Cempe.”

10. Tumuli sajrone kalimputan ing Roh iku, aku digawa menyang ing gunung kang gedhe lan dhuwur, banjur dituduhi kutha kang suci, yaiku Yerusalem kang tumurun saka ing swarga, saka Gusti Allah.

11. Kutha iku kebak kamulyan lan cahyane Allah, kaya sesotya kang adi pinunjul, kaya sesotya yaspis, bening saemper kristal.

12. Balu-wartine gedhe lan dhuwur, gapurane rolas; lan ing sadhuwure gapura-gapura mau ana malaekate rolas, sarta ana tulisane, yaiku jenenge taler Israel rolas.

13. Ing sisih wetan ana gapurane telu, ing sisih lor telu, ing sisih kidul telu, ing sisih kulon telu.

14. Sabanjure baluwartine kutha iku ana watune tetales rolas, ing dhuwur kacirenan jenenge para rasule Sang Cempe rolas.

15. Anadene kang mangandikani aku iku ngasta lantaran ukuran mas, kagem ngukur kutha iku, dalah gapurane lan baluwartine.

16. Wangune kutha mau pesagi, dawane padha karo ambane. Dene anggone ngukur nagara iku kalawan teken ukuran mau: tinemune ana rolas ewu stadi; dawane lan ambane tuwin dhuwure iku padha.

17. Dene baluwartine diukur tinemu satus patang puluh papat asta, manut ukurane manungsa, kang iya dadi ukurane malaekat.

18. Baluwartine iku kang kagawe sotya yaspis; lan kuthane dhewe iku mas tulen, kaya kaca murni.

maca bab lengkap Wahyu 21