Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 21:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar, awit langit kang kapisan lan bumi kang kapisan wus sirna, lan sagara uga wus ora ana maneh.

2. Lan aku weruh kutha suci, Yerusalem kang anyar, tumurun saka ing swarga, saka ing Allah, kang pinaesan kaya panganten wadon kang dinandanan lumadi marang priyane.

3. Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.

4. Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”

5. Kang lenggah ing dhampar banjur ngandika: “Wruhanira, samubarang kabeh Sundadekake anyar!” Lan pangandikane: “Sira nulisa, awit pangandika iki patitis lan nyata.”

6. Sarta aku dipangandikani maneh mangkene: “Samubarang kabeh wus kalakon. Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi. Wong kang ngelak bakal Sunparingi ngombe kanthi lelahanan saka tuking banyu kauripan.

7. Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal dadi PutraningSun.

8. Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”

9. Sawijining malaekat panunggalane malaekat pitu kang ngasta bokor pitu kebak isi wewelak pitu kang wekasan iku rawuh lan banjur ngandika: “Mrenea, kowe daktuduhi panganten putri, garwane Sang Cempe.”

10. Tumuli sajrone kalimputan ing Roh iku, aku digawa menyang ing gunung kang gedhe lan dhuwur, banjur dituduhi kutha kang suci, yaiku Yerusalem kang tumurun saka ing swarga, saka Gusti Allah.

11. Kutha iku kebak kamulyan lan cahyane Allah, kaya sesotya kang adi pinunjul, kaya sesotya yaspis, bening saemper kristal.

maca bab lengkap Wahyu 21