Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 2:17-29 Kitab Sutji (JAV)

17. Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan:Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”

18. “Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Tiatira: Iki pangandikane putraning Allah, kang tingale kaya urubing geni lan sampeyane kaya tembaga:

19. Ingsun ngudaneni panggawenira kabeh: iya katresnanira, iya pracayanira, apadene pangabdinira lan kaantepanira. Ingsun nguningani, manawa panggawenira kang wekasan iku ngluwihi kang wiwitan.

20. Nanging sira Sunwaoni, amarga sira ngumbar Izebel, wong wadon kang ngaku-aku nabi, memulang lan nasarake para abdiningSun supaya laku jina lan mangan sesajene brahala.

21. Lan Ingsun wus paring inah marang wong mau supaya mratobata, nanging ora gelem mratobat saka anggone laku jina.

22. Wruhanira, wong iku bakal Sungluntungake ing paturon, Sundadekake lara lan para kang laku jina karo wong mau bakal Suntempuh ing sangsara gedhe, manawa padha ora mratobat mareni pratingkahe iku.

23. Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.

24. Nanging sira, iya iku wong-wong liyane kang ana ing Tiatira, kang ora ngugemi piwulang iku, lan kang ora nyinau ing wadi-wadining Iblis, kayadene anggone ngarani, iku Sundhawuhi mangkene: Ingsun ora karsa ngetrapi momotan liyane marang sira.

25. Nanging apa kang sira duweni iku kukuhana nganti sarawuhingSun.

26. Dene sing sapa unggul lan nindakake ayahaningSun nganti tumeka ing wekasan, iku bakal Sunganjar panguwasa mengku para bangsa,

27. lan iku bakal padha direh kalawan teken wesi; sarta wong-wong iku bakal karemuk kaya grabah, -- padha kaya kang Ingsun tampeni saka RamaningSun --,

28. apadene bakal Sunganjar lintang panjer esuk.

29. Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”

maca bab lengkap Wahyu 2