Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 17:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Salah sawijining malaekat pitu kang ngasta bokor pitu mau, rawuh sarta ngandika marang aku: “Mrenea, kowe daktuduhi paukumane si sundel gedhe, kang lungguh ana ing papan kang akeh banyune.

2. Kang dadi bedhangane para raja ing bumi, lan para wong kang manggon ing bumi wus padha mendem dening angguring bedhange.”

3. Sajrone aku kalimputan ing Roh aku kagawa menyang ing pasamunan. Ing kono aku weruh ana wong wadon nunggang kewan abang sulak wungu, kang awake sakojur kacirenan jeneng-jeneng panyenyamah. Endhase pitu lan sungune sapuluh.

4. Dene wong wadon mau nganggo jarit wungu lan jingga, sarta nganggo pasren mas, sesotya tuwin mutyara, tangane nyekel tuwung mas kang kebak isi sakehing barang kang saru lan jejembering laku jina.

5. Lan ing bathuke kacirenan jeneng, sawijining wewadi: “Babil gedhe baboning para tunasusila lan sakehing kanisthan ing bumi.”

6. Anadene aku weruh wong wadon mau mendem getihe para suci lan para seksine Gusti Yesus.Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.

maca bab lengkap Wahyu 17