Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 11:4-16 Kitab Sutji (JAV)

4. Yaiku wit jaitun loro lan padamaran loro kang ana ing pangayunane Allahe alam donya.

5. Dene manawa ana wong kang arep milara, bakal ana geni metu saka ing cangkeme mangsa marang satrune. Lan manawa ana wong kang arep milara, mesthi kapatenan kanthi patrap mangkono.

6. Seksi loro mau padha duwe panguwasa ngancing langit, supaya ora ana udan sajrone padha medhar wangsit; lan padha duwe panguwasa ing ngatase sakehing banyu bisa kadadekake getih; sarta nggebug bumi kalawan sawarnaning wewelak sawayah-wayah miturut sakarepe.

7. Anadene samangsa wus rampung anggone padha nglairake paseksene, tumuli kewan kang muncul saka ing teleng bakal nempuh perang marang seksi-seksi mau, sarta bakal padha dikalahake lan dipateni.

8. Layone bakal gilang-gilang ana ing lurunging kutha gedhe, kang cara kasukman kaaranan Sodom lan Mesir, iya ing panggonane Gustine kasalib.

9. Karodene panunggalane para bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan, padha nonton layone lawase telu satengah dina lan wong-wong iku ora nglilani layone dikubur.

10. Wong-wong kang manggon ing bumi padha bungah awit saka kang mati iku lan padha pista apadene padha kirim-kiriman bebungah, marga nabi loro mau padha nyiksa kabeh wong kang manggon ana ing bumi.

11. Sawuse telu satengah dina tumuli rohing kauripan saka ing Allah nganjingi layon-layon mau, temahan kang mati banjur padha tangi, agawe banget girise wong kang padha weruh.

12. Wong-wong mau tumuli padha krungu swara seru saka ing swarga mangandikani: “Padha munggaha mrene!” Banjur padha munggah menyang ing langit, katutupan mega, kadeleng dening para satrune.

13. Ing nalika iku ana lindhu kang luwih dening gedhe lan saprasapuluhe kutha iku jugrug, lan wong pitung ewu padha mati dening lindhu iku; lan wong-wong liyane padha giris banget, banjur padha ngluhurake Gusti Allah ing swarga.

14. Wewelak kang kapindho wus liwat; lah, wewelak kang katelune tumuli teka.

15. Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene:“Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”

16. Para pinituwa patlikur, kang padha lungguh ing dhampar ana ing ngarsaning Allah banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah,

maca bab lengkap Wahyu 11