Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 1:7-20 Kitab Sutji (JAV)

7. Kawruhana, Panjenengane rawuh nitih mega lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengane, dalah wong kang wus padha nyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal sambat-sambat marga saka Panjenengane. Iya, Amin.

8. “Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”

9. Aku, Yokanan, sadulur lan panunggalanmu ing sajroning kasusahan, ing sajroning Karajan sarta ing sajroning kamantepan nganti-anti marang Gusti Yesus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikane Gusti Allah lan paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus.

10. Mbeneri ing dinane Gusti, aku linimputan ing Roh lan aku krungu swara seru ana ing buriku kaya unine kalasangka,

11. pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”

12. Aku tumuli noleh arep meruhi swara kang mangandikani aku iku. Lan sawuse noleh, sumurup ana padamaran mas pitu.

13. Sarta ing tengah-tengahe padamaran pitu mau ana kang madha warna Putraning Manungsa, ngagem jubah kang dawane nganti klengsreh tekan ing sampeyane, lan jajane apaningset emas.

14. Mustaka lan remane putih kaya wulu wedhus gembel, lan tingale kaya urubing geni.

15. Sampeyane kaya tembaga mengangah ing sajroning prapen; swarane kaya gumrojoging banyu akeh.

16. Astane kang tengen ngasta lintang pitu sarta tutuke ngetokake pedhang kang landhep kiwa-tengen, wedanane sumorot sumelet kaya srengenge.

17. Nalika weruh Panjenengane, aku tumuli ambruk ana ing ngarsaning sampeyane kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astane kang tengen, banjur ngandika, “Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,

18. lan Kang Gesang, Ingsun wus seda, nanging wruhanira, Ingsun gesang nganti salawas-lawase apa maneh Ingsun ngasta sakabehing kuncine pati lan kratone pati.

19. Marga saka iku tulisana apa kang wus sira deleng, iya kang kalakon ing samengko tuwin kang bakal kalakon ing tembe.

20. Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu ikumalaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”

maca bab lengkap Wahyu 1