Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 4:13-25 Kitab Sutji (JAV)

13. Sabab mungguhing prasetya kang kaparingake marang Rama Abraham satedhak-turune yen bakal tampi warisan jagad, iku ora lumantar angger-anggering Toret, nanging lumantar kabeneran kang wewaton pracaya.

14. Awit manawa wong-wong kang pangarep-arepe lumantar angger-anggering Toret padha melu tampa panduman kang kaprasetyakake Gusti Allah, pracaya iku banjur dadi muspra lan prasetyane dadi batal.

15. Amarga angger-anggering Toret iku nekakake bebendu, nanging ing ngendi ora ana angger-anggering Toret, ing kono iya ora ana panerak.

16. Mulane kabeneran iku adhedhasar pracaya supaya mujudna sih-rahmat, satemah prasetya iku tumuju marang sakehe tedhak-turune Rama Abraham, ora ngamungake kang kawengku ing angger-anggering Toret bae, nanging uga kang padha kadunungan pracayane Rama Abraham. Sabab Rama Abraham iku leluhur kita kabeh, --

17. iya kaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wus Sunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,” -- ana ing ngarsane Gusti Allah kang wus diandelake, kang nguripake wong mati sarta kang nyabdakake apa kang ora ana dadi ana.

18. Sabab sanadyan ora ana dhasaring pangarep-arep, ewasamono Rama Abraham tansah kumandel kanthi pangajeng-ajeng, yen panjenengane bakal dadi ramane bangsa akeh, landhesan apa kang wus dipangandikakake: “Samono bakal cacahing turunira.”

19. Lan pracayane ora dadi kendho, sanadyan ngraosake yen sarirane wus lungse, awit yuswane wis watara satus taun, sarta manawa Ibu Sara wus lungse ing wanci.

20. Ewasamono panjenengane tetep ngugemi prasetyane Gusti Allah, tanpa mangu-mangu kang awit saka pamaido, nanging malah panjenengane kasantosakake ing pracayane, sarta ngluhurake Gusti Allah,

21. kanthi ing pangandel, manawa Gusti Allah mesthi kuwaos nindakake apa kang wus kaprasetyakake.

22. Mulane bab iki kaetang dadi kabenerane.

23. Tetembungan iki, yaiku “bab iki kaetang tumrap panjenengane”, iku anggone katulis ora mung mligi kagem Rama Abraham bae,

24. nanging iya katulis kanggo kita uga; sabab kita bakal kaetung kaya mangkono uga, awit kita padha pracaya ing Panjenengane kang wus mungokake Gusti Yesus, iya Gusti kita, saka ing antarane wong mati,

25. yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake.

maca bab lengkap Rum 4